Mohon tunggu...
Tivana Fachrian
Tivana Fachrian Mohon Tunggu... Seniman - Coupleblogger

We wilt have poetry in our life. And adventure. And love. Love above all!

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Balung Cidra Bali, Ati Cidra Ginawa Mati

1 Juni 2020   01:39 Diperbarui: 30 November 2020   06:38 462
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.


"Agus?! Berarti aku ora salah ndelok!" glarrr... tratap.


Rasa-rasane bakal krungu pawarta kurang apik. Aku takon "Ana apa, Met?" suaraku alon, pikiranku wis ora-ora.


"Kang, aku njaluk ngapura. Jane aku mau rene arep ngandhani sampeyan. Dadi ngene, pirang-pirang dina iki aku kerep ditakoni Pak RT jarene wong meteng sing mlebu metu omahe Agus kae sapane, aku sing ditakoni jarene merga aku kancane nyambut gawe. Banjur tak sauri menawa sarampunge garap omah sing wingi sampeyan tiba kae, Agus wis ora nukang. Saiki melu meubel. Aku meneng-meneng kerep liwat ngarep omahe Agus, aku ngerti sing mlebu metu omahe lha kok jebulane bojone sampeyan."

Peteng. Atiku, pikirku, uripku. Aku ora ngerti maneh kudu ngomong apa. Samungkure Slamet aku ngamuk dhewe. Ngamuk sadadi-dadine. Ngamuk! Kabeh barang ana ngarepku dak orak-arik. Krungu swara pit montor, Sartini teka. Sartini mlebu ngomah banjur kaget weruh omahe morak-marik kaya kena lindhu.


"Mas? Mas?" Sartini celuk-celuk.


Aku meneng ing kamar, ngadeg marep jendela karo ngampet nangis nesu. Sartini ing mburiku.


"Mas?" tangane nyekel pundhakku.


"Kui anake sapa?" pitakonku tanpa minger.


"Anak? ya.. ya anake njenengan ta, Mas."


"Kui anake sapa, Dik?" Sartini meneng.


"Kui anake sapa?!"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun