Mohon tunggu...
Tivana Fachrian
Tivana Fachrian Mohon Tunggu... Seniman - Coupleblogger

We wilt have poetry in our life. And adventure. And love. Love above all!

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Balung Cidra Bali, Ati Cidra Ginawa Mati

1 Juni 2020   01:39 Diperbarui: 30 November 2020   06:38 462
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Crita cekak, dening Sihnala Tancinandra

Lelakon. Lelakoning urip. Sajroning omah-omah, apa kang luwih dakanti-anti saliyane anak menawa babagan liya kabehe wis alhamdulillah, pokoke kecukupan masiya kadang mesa utang. 

Omah uwis cumawis; awehan wong tuwa kang wis ora ana, kari ngapik-apik. Pagaweyan ya uwis senajan amung nukang; satus-satus ewu sedina. Dene bojoku Sartini melu tukang jait, nyambut gawe satekane ngewangi mikir butuh karo ngecakke blanjaku. Senajan Sartini ya nyambut gawe nanging pagaweyan omah ora tau ditilapne. 

Saben aku mulih kabeh wis cumepak wiwit klambi sing arep dak enggo bar adus mengko nganti wedang anget lan panganan. Pancen wong wadon kang manut, sregep tur athikan. Kurang luwih sangang taun Sartini dadi bojoku, isih katon ayu kaya wayah pisan aku ketemu ana ing pasar dina iku, jalaran aku ngonangi Sartini kang arep kecopetan. 

Rumangsaku wis kaya superhero, wah raumum olehku pethitha-pethithi merga melu Simbok menyang pasar pisan malah mulihe oleh nomer hape. Aku isih kerep mesam-mesem yen menawa kelingan. 

Pokoke karo Sartini, yen aku dhewe nyawang uripku wis kaya tanpa lan ra kurang apa-apa. Ya gur siji kuwi... sing aku lan Sartini durung diparingi. 

Saben dina nyawang tangga kang rabine dhisik aku anake wis loro telu, dene aku siji wae durung arep metu. Oalah Gusti. Kamangka menawa dipriksa menyang Dokter Kandungan ora ana kesalahan, Sartini lan aku kabeh normal. Ya menawa wae pancen durung jatahe, yen ora pasrah arep piye.

Esuk-esuk, kaya biasane aku tata-tata nyambut gawe. Sartini nyawisnya sarapan sega lawuh lan janganan uga diwadhahna kang arep dak gawa sangu menawa awan mengko luwe sadurunge dijatah maem, amarga cen aku ngelihan. Sartini wis apal.


"Mas, niki dibeta. Ampun supe."


"Iya, matur nuwun ya. Wis selehna kono. Mengko tak tatane dhewe."


Sartini nggeret kursi ing sandhingku njur melu lungguh sarapan. Sarampunge aku pamit.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun