Mohon tunggu...
teguh wiyono
teguh wiyono Mohon Tunggu... Guru - guru SMAN 1 Losari dan hypnotherapist

Guru SMA lulusan Bahasa dan Sastra Jawa UNS sebelas maret surakarta. Mendapat gelar dari Kraton Surakarta Bupati Anom Raden Tumenggung Wiyono Hadipuro.

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Puisi Jawa Geguritan: Welinge Simbok

25 Januari 2021   18:55 Diperbarui: 25 Januari 2021   18:58 3475
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Thole anakku Lanang sing bagus dhewe.

Simbok ora bisa menehi apa-apa 

Mung bisa menehi piweling marang Kowe supaya bisa kanggo gamaning Urip.

Wong Urip iku kudu wekel ing Pambudi. 

Ngupadi sandhang lan boga ing sadhengah kang halal. Kanthi tumetesing kringetmu dhewe. 

Ing Kono ana rasaning berkah 

Nora kena lumuh ing panggawe, kesed satemahan nistha yen dinulu. 

Nora kena mangan barang kang haram, amarga apa sing dipangan bakal maujud dadi daging. Mula resikana kareben suci kanthi oraangan barang haram. 

Nora kena ngelek-elek liyan, amarga kita ora ngeri sapa sing satemene elek ing ngarsaning Gusti Allah.

Nora kena ninggal palagan colong playu,  Kuwi pegawe sing nistha. Kabeh kudu diadepi senajan kanthi wutahing ludira.

Nora kena cilik Aten, Awit wong Urip iku kudu semangat ngadepi Dina ing tembe. Tatag marang samubarang lelakon.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun