Sun nggurit ing madyaning wengi. Wayahe nalika kabeh tumuju ing tilam sari. Mbujung playune impen. Kabeh kedadeyan sing wis kawuri.
Semilire angin wengi nambahi kekes swasananing ati. Midid alon mendhuwur mring angkasa. Peteng lelimengan tanpa cahaya.Â
Kanthi sunaring rembulan mecah selaning wengi. Gawe pepadhang kabeh sing ana ing lumahing bhumi.
Geguritan iki gambaraning kahananing ati, runtik ndulu mobah mosiking jaman. Kabeh sing nuwuhake pitakon ngenani tegesing urip iki.
Gurit iki nyawijining ati kalawan karep sing wis suwe sumimpen. Nanging kabeh mau merlokake giliging tekad supaya maujud.Â
Lewat geguritan iki tak senggol rasaning atimu. Amrih ngerteni mupangate kesadaran lan sumarah marang Gusti kang akarya jagad.
Penulis : Teguh Wiyono
KBC-50