Diman karo Arif meh njumbul saking kagete. Kaet mau mung wong loro, moro-moro ono suwara banter saka mburi.
       "Jancuk! Kaget aku, Cak," Arif sing mau lagi cerito misuh saking kagete.
       "Koncomu sukses trus awakmu iri? Aneh."
       "Yo gak iri ngunu sih, Cak. Aku kan mung crito lagi mangkel ae."
       "Lha yo mangkelmu dasare opo? Mergo pacarmu biyen rabi karo koncomu sing luwih sukses? Mergo pacarmu rabi karo wong liyo? Mergo koncomu luwih sukses? Sing ndi?"
       Arif ora nyauri. Arek lanang iku malih bingung dhewe.
       "Wis putus tho? Yo wes wong koen yo ngerti opo sebabe. Lha lek trus oleh koncomu dhewe yo lapo, jenenge jodo."
       "Iyo, paham."
       Cak Man sing mau mecungul saka mburi saiki melu lungguh, jagongan.
       "Mangkel mergo koncomu sukses? Yo lapo sisan. Kudune malah seneng awakmu. Konco sukses, sugih, uripe lak enak, mene-mene gampang lek kate diutangi. Konco podo kerene yo dingge opo, gak iso diutangi hahahaha."
       Mari ngomong, Cak Man, njupuk rokok trus langsung ngalih. Wong lanang sing dikenal rodo nyentrik iku ora pamit, sukur ngalih karo sik ngguyu.
       "Wong edan," omonge Arif.
       "Ning onok benere," saure Diman karo mesem.
***