"Yo sepedaane ngko sore, lek Pak'e wis mulih kerjo. Jare njaluk diijolno sepedae."
"Eh iyo hihihi..."
Seneng, arek lanang iku cengengesan dhewe. Mari adus, trus mangan, ora rewel maneh. Bapake budhal kerjo nggowo sepeda, ditaleni mburi montor.
"Dada Pak'e," omonge nang bapake karo dada-dada.
Sing didadani mung mesem, tipis. Diman nyawang bojone, meseme Wiji ora beda adoh karo eseme.
"Ngko sore aku sepedaan ya, Pak, sepeda baru," omonge maneh.
Diman manthuk trus budhal. Sedinoan Tomin mung nginguki embong, ngenteni bapake mulih. Arek lanang iku selak ora kanten, pingin ndang numpak sepeda anyar. Wiji mung nyawangi anake. Arek cilik, pingin kaya konco-koncone, dikandanono yo angel, mung dadi tangis. Ora ngerti kahanan lagi angel, kudu pinter-pinter cek iso bertahan.
"Sepedaku anyar, sepedaku anyar!"
Tomin bengok-bengok ndelok bapake teko nggowo sepeda. Arek lanang iku langsung lunjak-lunjak saking senenge. Durung bapake mudun saka montor, Tomin wis mlaku nyedeki sepedane.
"Sabar sik, tak jagange montore. Ngko malah tibo."
"Sepedaku anyar!"