Awan wayahe mangan, Diman mulih. Gaweane wis rodo longgar, bojone isuk mau wis diwanti ora usah ngirim panganan. Diman pingin mangan awan nang omah karo leren sediluk. Masio nggon kerjone ora adoh saka omah, ning wong lanang iku mesakno lek bojone ben awan kudu ngeterno panganan dingge dheweke. Anake sing lagi lincah-lincahe kadang ora iso ditinggal, dijak yo angel.
Wis luwe, Diman langsung bablas nang pawon, njupuk piring karo ngajangi sego. Bojone masak Jangan Terong, Lodeh. Lawuhe tempe goreng karo krupuk. Lek biasane suwarane bojone mesti rame, ngancani Diman mangan, awan iki omahe sepi. Wiji ora ketok. Anake lanang yo ora ketok. Paling nang omahe emake, batine Diman. Ngenakno mangan, Diman ora kepikiran anak bojone. Mari mangan, wareg, Diman mlebu kamar. Anak bojone ora ono. Lek mau Diman sant, saiki dheweke mulai kepikiran. Ora biasane sing jenenge Wiji awan wayahe bojone mulih ora nang omah.
Durung nganti Diman metu kate nggoleki, wong lanang iku krungu suwara uwong mlebu omah. Bojone mlebu karo nggendong anake sing wis merem, turu.
"Ko ndi?"
"Tuku gula," saure Wiji.
"Tuku gula cek suwine."
Wiji meneng ae. Wong wedok iku nepakno anake nang nduwur kasur.
"Lha ndi gulane?"
Ditakoni bojone, Wiji langsung clingukan nggoleki gulane.
"Gusti, keri."
Lek Diman lalen iku wis biasa. Embuh lali utowo ancen ora tau dipikir, wong lanang iku kudu dibolan-baleni dikandani bojone. Kunci montor, anduk teles ora oleh diteleh nduwur kasur, gombal reged kudu dilebokno nang nggon kumbahan, akeh. Ning lek Wiji sing lali iku rodo aneh, ora biasa. Ojo'o blonjoan, omongane Diman jaman pacaran ae wong wedok iku sik eling. Pisan-pisan lali yo biasa, ning lek wis ping pindo ping telu lali garai Diman mikir, ono opo karo bojone.