"Iyo."
Mari dipotokno Diman, Arif mesam-mesem ndelok rupane dhewe. Poto telu dilebokno Facebook kabeh. Wong lanang iku saiki nunggu komene konco-koncone. Ora mung nang kerjoan, nang kumpulan saiki bapak-bapak yo podho seneng poto karo nyetatus. Bengi ini Diman lagi kumpul rapat RT. Sakdurunge dimulai, bapak-bapak sing podo jagongan iku ngetokno HP dhewe-dhewe.
"Gek ndang dilebokno pespuk, Lik."
"Sik, sabar. Blajaran iki."
"Henpone anyar, Rek. Sik mulus."
"Duh, yok opo iki. Mau diutek-utek anakku."
"Iku lho, sing ef biru gedhi iku, Lik."
"Lha kok gak metu iki, biasane langsung metu."
"Login dhisik iku. Dilebokno paswot e."
"Paswot e opo?"
"Lha embuh, wong FB-ne sampeyan kok iso takon aku."