Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

PKI

21 Oktober 2020   12:31 Diperbarui: 21 Oktober 2020   12:47 290
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jenenge kerjo dewe, dudu pegawai, kudu siap lek duit sing iso diolehno ora mesti. Koyo opo sing lagi dirasakno Diman saiki. Dadi tukang gawe perkakas omah, kadang akeh pesenan, kadang yo sepi. Wis rong minggu iki Diman ora oleh garapan. Ben dino saiki kerjone ngramuti kayu-kayu siso mejo kursi garapane. Serbitan digawe mejo, kursi, truk-trukan dingge anake. Sing rodo apik digawe rak, bipet cilik-cilikan, trus dipajang, didol. Be'e ono sing butuh.

Seje karo Diman sing kerjone ora patio akeh mergo sepi, Wiji pancet garapane. Ngurus omah ora podo karo wong kerjo. Gawean ora tau entek, mesti onoke. Ning wong wedok sing wis omah-omang meh telung taun iku wis ngerti resikone nduwe bojo dudu pegawai. Ora sambat, wong wedok iku nglakoni opo sing dadi kewajibane.

"Maem sik, Pak."

Lek pas garapan akeh, Diman kerjo nang bengkele sing ora adoh soko omah. Ning lek lagi sepi ngene wong lanang iku milih kerjo nang omah. Kayu-kayu pilihane wis diusungi kaet wingi-wingi. Sengojo digowo mulih cek iso digarap nang omah karo momong anake.

Nduwe lemah, masio ora sepiroo, sing ditanduri sayuran ancen iso ngewangi ngisi piring. Isuk iki wong wedok iku masak terong. Dingge bojone, teronge dijangan lodeh. Dingge anak lanange, teronge digoreng tepung. Kriuk-kriuk, masio dudu pitik, Tomin seneng. Mari mangan bareng, Diman nerusno gaweane. Tomin sing wis wareg melu bapake nang samping omah.

"Apik iki, cocok dingge awakmu."

Wiji nyawang klambi sing dicekel Wiwit, tanggane. Ora nyauri, Wiji mung gedheg alon.

"Utang lho gak popo. Koyok biasa, ping telu."

"Wiji mosok tau utang. Langsung lunas lek tuku."

Awan pas lagi nang warung sebelah tuku gulo, ono bakul klambi mubeng sing lagi nawakno dagangan.

"Iki dastere anyar-anyar, kulakan ko Solo aku. Adem wis lek digawe, enak."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun