Ora krasa sorene wis labuh peteng. Langite sing maune katon biru dadi ireng kayak kucire kang Darno. Hawane panase ora mbrekakat kayak lagi njanggleng neng ngarep pedangan. Lamat - lamat krungu swarane seng neng payon pada pating gemlondhang.
Nek wis kayak kuwe Biyunge Lastri mesthi gageyan mlayu maring mburi, ndeleng payon ndhuwur kamare Lastri sing wis katon mbukak seng e.
'Gusti Allah nyuwun pitulungan '
Payon umahe Lastri pancen dadi siji karo umahe Wa Sarmin sing siki wis ora depanggoni maning. Dadi uamhe Wa Sarmin wis ora kerumat. Payone wis pada nglengkab kegawa angin. Usuk karo reng e wis pada tepo amarga kenang banyu udan. Nek ndeleng kahanan umahe Wa Sarmin jane nrenyuhna pisan. Tapi ya kuwe arep melu ndandani wong Biyung Lastri ya dudu wong sing sugih dhuwit.
' Sumangga pasrah Pangeran Gusti ', pandongane biyunge Lastri karo nyawang payon sing mulai nglengkab desurung angin.
Umah kuwe jane tinggalane wong tuwane Biyunge Lastri. Biyung Lastri duwe sedulur loro dheweke anak nomer loro. Sing nomer siji bareng umah-umah melu bojone neng kota liya. Dadi wong dodolan klambi sing tau sukses ngasi mbangun umah maglong-maglong nang perantauan. Nanging jenenge wong umah-umah ana-ana baen kedadeyane. Amarga ora gemi gole muterna dhuwit akhire modale entong, umahe sing maglong-maglong kontal disita bank. Aben ndina isine padudon thok, melasi anake ngasi kapiran.
Biyung Lastri merga anak bontotan dadi manggoni umahe rama biyunge. Uga ngrumati wong tuwane ngasi loro-lorone dipundhut Gusti. Ora ngira jebul kakange bali njaluk bageyan umahe wong tuwane sing maune depanggoni Biyunge Lastri. Biyunge Lastri dasar wonge nrimanan ya gelem baen umahe rama biyunge deparo dadi loro.
Tangga teparo jane ya kemelasen maring biyunge Lastri. Amarga wis ngopeni wong tuwane seuwen-uwen tapi mung diwenehi bageyan semendhing sekang warisane wong tuwane amarga kudu mbagi karo kakange.
Jenenge baen payon dadi siji ya mesthi kudu diopeni dhewek-dhewek. Nek siji bocor mesthi liyane melu kenang akibate. Maune bisa brayan dandan, nanging selat suwe bojone kakange polah sing ora karuan. Suwe-suwe kakange pada ora betah manggon nang kono dadi umahe detinggal prung mranto maring kota liya.
Biyunge Lastri dadi ngenes, tiwas debagi loro jebul malah detinggal prung maring kota liya. Ngertiya gemiyen ora usah debagi loro.Â
Siki biyunge Lastri dadi kudu ngrasakana wedi angger ana udan barat sing biyasane nggawa angin gedhe. Mesthi payon umahe pating gemlondhang amarga payone sebelahe ( nggone kakange ) wis pada ora nana maning. Dadi angin sekang sebelah kayak arep ngumbulna payone biyunge Lastri.