Mohon tunggu...
Cahyadi Takariawan
Cahyadi Takariawan Mohon Tunggu... Konsultan - Penulis Buku, Konsultan Pernikahan dan Keluarga, Trainer

Penulis Buku Serial "Wonderful Family", Peraih Penghargaan "Kompasianer Favorit 2014"; Peraih Pin Emas Pegiat Ketahanan Keluarga 2019" dari Gubernur DIY Sri Sultan HB X, Konsultan Keluarga di Jogja Family Center" (JFC). Instagram @cahyadi_takariawan. Fanspage : https://www.facebook.com/cahyadi.takariawan/

Selanjutnya

Tutup

Filsafat Pilihan

Dadi Wong Jowo Ojo Nganti Ilang Jawane

20 September 2022   07:09 Diperbarui: 20 September 2022   07:27 2016
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kidang iku seneng ngunggulake rikat olehe mlayu, dene gajah ngunggulake awake sing gedhe prakoso, lan ulo ngunggulake wiso kang biso merjoyo. Iku kang kasebut kibir utowo sombong. Koyo pocapane iblis, "Ana khairun minhu", aku luwih apik tinimbangane Adam.

Ing sajroning pewayangan, ono priyayi kang nduweni watak iblis, yoiku Prabu Dosomuko kang ugo disebut Prabu Dosowadono utowo Prabu Rahwono Rojo. Prabu Dosomuko iku manungso kang ambeg durangkoro, seneng agawe tindak culiko, ugo seneng migunakake kuwoso kanthi sembrono; pancen babar pisan  ora nduweni watak utomo.

Kabeh sifat olo kang ngrusak panguripan bebrayan, koyodene adigang, adigung lan adiguno, wis dadi watak panguripane. Prabu Dosomuko disifatake dadi manungso kang kebak cidro lan angkoro murko.

Nalendra gelah-gelahing bumi, leletheging jagad, panukswaning da'jal laknat. Ambege angkoro, budine siyo, watake adigang adigung adiguno.

Adigang ngenggoni wataking kidang. Labet denyo pinter lumumpat, nanging datan enget senajan kidang pinter lumumpat ono kolomangsane biso kesrimpet lan biso kepleset awit songko anggone kurang teteken pengati ati.

Adigung ngendelake wataking gajah. Gedhe dhuwur rowa birowa, senajan karosane tanpa tandhing, ono kolomangsane si gajah bisa pepes tlalene, rengko gadhinge, yen to saliring panindak sarwo agahan tanpo paniti prikso.

Adiguno nganggo wataking ulo. Upase mandi kalamun nyakot, nanging datan enget, si ulo bakal biso pepes pethite, miwah aber upase, yen to saliring panindak datan kapareng amawas dhiri.

Ojo Nganti Ndarbeni Watak Telu Iku

Watak adigang, adigung lan adiguna iki wujude biso ing sawijining manungso, utowo biso dadi wataking bebrayan ageng. Adigang iku sifate manungso kang rumongso luwih sugih lan luwih akeh bondho donyane. 

Adigung iku sifate manungso kang ngandelake kuasane. Dene adiguno iku sifate manungso kang ngandelake kepinteran ilmune. Kito sedoyo ojo nganti nduweni watak telu kang biso njalari rusak sakabehe tatanan lan kabecikan.

Akeh manungso biso nduweni watak  sombong, rumongso luwih apik tinimbang wong liyo. Seneng ngremehake liyan, amargo duwe bondho donya sing turah. Iki sing kasebut adigang. Kanthi bondho donya sing turah mblawah, dheweke rumongso biso tuku opo wae sing dikarepake. Biso tuku sakabehane soko manungso liyo, kalebu tuku ajining dhiri. Bondho donya dadi andelane.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun