Mohon tunggu...
Muhammad RudiUtomo
Muhammad RudiUtomo Mohon Tunggu... Guru - Guru

Bahasa Jawa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Pengetahuan Agama dalam Naskah Samud Ibnu Salam

27 November 2022   09:03 Diperbarui: 27 November 2022   09:03 359
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Kawruh Agama Sajrone Naskah Samud Ibnu Salam

Manungsa diciptakake Allah SWT ing dunya mung kanggo ibadah ora ana kiya. Semana uga jagad gumelar iki wis dicepakake kanggo manungsa supaya bisa dimanfaatake kanggo kegiyatan sing positip ora ana gunane. Mangka saka iku manungsa diciptakake kanthi wujud sing paling sampurna diwenehi akal pikiran supaya bisa bedakake samubarang sing apik lan ala, gegayutan karo panciptane Allah SWT sing ora bakal nggayuk ngenani kakuwasa-Ne pengeran. Kita minangka makhluk panciptane cukup mung percaya lan nyukuri apa sing digawekake maring kita, wujud percaya lan nyukuri kayata mangerteni sipat-sipat allah tansah ningkatake iman sing kapcak ing ati saben manungsa, percaya anane dzat Allah. Anane manungsa nyukuri lan percaya tegese manungsa iku wis nduweni iman. Allah sampun paring pituduh maring wong sing nduweni iman kanggo gatekake jagad gumelar minangka SAWijine tandha kakuwasane Allah SWT.

  • Agama Islam yaiku tumindak sing sing arupa tuntunan lan pangerten tumrap pawongan supaya ing pungkasane kawruh anggone ngerteni, lan ngamalake Agama Islam, sarta dadikake pedoman dalane urip, ing pribadhi uga ing bebrayan. Saka andharan ngenani agama Islam wis cetha yen ing agama Islam kudu nduweni cekelan urip sing pesthi lan uga kudu nduwe  tujuan kanggo urip, ing Agama Islam iku kudu ngeyakini anane Al-Qur’an sing dadi cekelan kanggo bisa bebrayan agung,  lan Al-Hadist sing arupa tuladha tumindak apik, dipuja lan dipuji dening sekabehe umat Islam.

Sajrone kawruh Agama Islam iku dalan kanggo nuwuhake iman lan kapercayan tumrap saben pawongan supaya katon pribadhi Islam. Andharan iku sing utama yaiku iman lan kapercayan kayata mangerteni rukun Iman : 1) Iman  maring Allah yaiku arupa dasar, uga rujukan tumindhak kanggo sesambungan maring Allah lan masyarakat. 2) Iman maring Malaikat yaiku yakin yen malaikat-malaikat Allah lan yakin yen Allah nduweni malaikat sing diciptakake saka cahya lan sarta dheweke (Para Malaikat) iku kalebu umat Allah sing dimulyakake amerga anane Allah patuh lan taat. 3) Iman maring Kitab yaiku kapercayan SAWijine Muslim kudu yakin yen Allah nduweni kitab-kitab sing diparingake Nabi lan Rasul tartamtu sadurunge Al-Qur’an wis temen-temen arupa kalam utawa Firman lan kitabe yaiku cahya lan pituduh sarta apa sing kaandhut sajrone SAWijine kapeneran.  4) Iman maring Para Rasul yaiku yakin anane Rasul-Rasul utawa Nabi utusan Allah sing diwenehi wahyu maring Allah lan ditugasake kanggo nyampekake pesen utawa wahyu kasebut maring hamba-hambane sing intine kanggo menehi dalan sing lurus lan mbenerake maring anane Dzat Allah SWT. Amarga Rasul utawa Nabi arupa SAWijine manungsa sing dimulyakake derajat dening Allah. 5) Iman maring Dina Pungkasan / Kiamat yaiku yakin yen dina pungkasan iku ana lan bakal kedadeyan ing dunya iki amerga kita ngerti yen urip iki ora kekal.  Tuladha cuplikan naskah “Yen salah sijine dina yakti tan ana timbangi suwarga lawan naraka/ pun samud amintuhuni ya Muhammad punapi wong metuh ing quburi pun ingaranan kiyamat/ nabi angandika malih tegesipun kiyamat ngandel manungsa. Anapun SAWusi medal saking kubur pribadi kinaring ing babeneran ing baital muqoddas niki” (kaca 19). 6) Iman maring anane Qodho’ lan Qodar yaiku kapercayan anane Qodho’ lan Qodar, sing nduweni teges Qodho’ iku kekarepan lan katetepan hukum Allah tumrap sekabehe perkara.

Sesambungan sing kinandhut sajrone isi naskah yaiku ngenani rukun Islam yaiku:

Syahadat iku arupa asas lan dhasar saka lima rukun Islam sing diumpamakake ruh, inti lan lelandhesan sekabehe ajaran Islam. Syahadat sing nduweni teges wis nyekseni, sing miturut Islam yaiku pitutur kapercayan sajrone ke-Esaan Allah lan Nabi Muhammad minangka Rasul.

Sholat yaiku kewajiban sing tamtukake wektune lan kanggo wong sing nduweni iman (An Nisa: 103) .

Zakat iku bandha dunya sing wajib diwenehakemaring sing mbutuhake.

Pasa yaiku SAWijine tumindhak sing kanthi rasa suka ora merga dipeksa,  sing tumindhak iku nduwe pantangan mangan, ngombe lan jaga hawa nafsu.

Haji iku minangka rituwal taunan sing dilakoni maring wong muslim kusus kanggo sing wis mampu nglakoni.

Kabeh iku minangka kapercayan sing diduweni agama Islam suppaya anggone nglakoni ritual agamane bisa tambah mantep lan cekelan kanggo urip ing bebrayan. Rukun Islam lan rukun iman iku minangka SAWijine adhedasar rujukan kanggo njlentrehake isi naskah lan merang sing kalebu rukun Iman lan rukun Islam.

Sajrone bab iki bakal ngandharake ngenani kawruh-kawruh agama sing ngandhut sajrone kitab Samud Ibnu Salam sing gegayutan karo iman sajrone naskah kitab Samud Ibnu Salam. Kawruh sing kalebu gegayutan karo iman yaiku percaya sipat-sipat Allah, percaya makhluk panciptane Allah kayata malaikat lanmanungsa sing wiwitan yaiku Nabi Adam AS.  Mula kaawruh mau bakal dijlentrehake ing andharan sabanjure supaya bisa luwih dimangerteni.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun