Ing peteng ndedete wengi
aku ngambu gandaning melati
kegawa angin kang ngambra-ambra
sakwise ngudari ati kang keranta-ranta
Amergo kelangan udaning ndalu
kang didelikake para mpu
ing njerone kitab-kitab ukara
kanggo tanda matane tresna
Iki ngono dudu kawitane titimangsa
nalika birune langit nglunturi samudra
utawa irenge mendung ngungkum rina
ing paseban dunya kang kelara-lara
Pedut ndodog lawang alon-alon
ora gelem nangekake ati kang wis keturon
mung ngelikake yen isih ana panggawe
sesuk sore ojo lali nggambar ayune srengenge
Bogor, 13 Januari 2020
------
Melukis Kecantikan Matahari
Dalam kegelapan malam yang berkubang sunyi
aku mencium keharuman melati
terbawa angin yang mengembara
setelah berhasil melepaskan simpul hati yang terluka
Karena kehilangan rintik hujan
yang disembunyikan para mpu dan begawan
di dalam kitab-kitab aksara
sebagai tanda mata bagi yang jatuh cinta
Ini sebenarnya bukan tanda musim dan cuaca salin bersengketa
ketika birunya langit melunturi samudera
atau hitamnya awan menenggelamkan hari
di beranda dunia yang patah hati
Kabut perlahan mengetuk pintu
tak mau membangunkan mata yang terlelap syahdu
hanya sekedar mengingatkan bahwa masih ada satu perkara kunci
esok petang jangan lupa melukis cantiknya matahari
Bogor, 13 Januari 2020