Kowe rumongso ono lintang ngiringi lakumu ing mbengi ingkang petenge koyo dunyo kelangan bagaskoro. Kuwi impen sing mbok arep-arep ngampiri socamu sing kentekan banyu moto.
Enjing meniko, naliko cemoro ngejak lelungan nelusur kenangan, kowe mandeg jegreg ing latar. Ngenteni tekane kabar. Soko wulan ingkang ndadari. Kapan nggonmu iso nemoni. Sopo wae sing kedah mbok tresnani.
Kembang arum ndalu. Mekar ning nggowo kabar lelayu. Menowo kenangan sing mbok simpen semono suwene. Ndilalah keblekan srengenge.
Kowe pingin banget nggegurit rino lan wengi. Nyritak'ake panase geni. Ingkang iso nyumet pawonmu kang kademen. Nggudo ati kang dawah ing remen. Marang kahanan. Sing suwe ngroso kelangan.
Kanggomu sopo wae sing ketulo-tulo tresno, aku mung sakdermo ngelik'ake tondo-tondo. Menowo sakdawane tawang wes nglairake lintang. Kuwi tandane kowe kudu sungkem marang luhing kasmaran.
Bogor, 30 Desember 2019
--------
Airmata Cinta
Kamu merasa ada bintang yang mengikuti langkahmu di malam yang gelapnya seperti dunia kehilangan matahari. Seolah sebuah mimpi yang memang kamu harap menghampiri retina yang kehabisan airmata.
Pagi ini, ketika pokok cemara mengajak menyusuri memori, kamu malah terdiam di halaman. Menunggu kabar. Dari purnama. Kapan kamu bisa berjumpa. Dengan siapa kamu akan jatuh cinta.
Bunga sedap malam. Mekar namun membawa kabar kelam. Jikalau memori yang kamu simpan sedemikian hati-hati. Ternyata malah kejatuhan matahari.