Mohon tunggu...
Mas Teddy
Mas Teddy Mohon Tunggu... Buruh - Be Who You Are

- semakin banyak kamu belajar akan semakin sadarlah betapa sedikitnya yang kamu ketahui. - melatih kesabaran dengan main game jigsaw puzzle. - admin blog https://umarkayam.wordpress.com/

Selanjutnya

Tutup

Humaniora Artikel Utama

(Humor Jowo) Goro-Goro Lagu Dadi Padu

10 April 2015   21:30 Diperbarui: 21 Februari 2017   12:30 213
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Srinthil lagi mangkel karo Bondet, bojone. Goro-gorone Bondet saben ndino ngrugokke lagu campursari sing dinyanyekne Mus Mulyadi. Ora isuk, awan, sore lan bengi, lagu iku terus sing disetel. Koyok gak ono lagu liyane wae. Tangi turu nyetel lagu kui. Arep budhal kerjo nyetel lagu kui maneh. Balik soko kerjo langsung nyandhak lagu kui. Sing kebangeten, arep turu kok yo sempat-sempate nyetel lagu kui maneh. Nek nyetele lirih ora popo. Lha … iki, nyetele koyok wong duwe hajatan wae. Bantere ora karuan.

“Mas, sampeyan iki gak duwe lagu liyane, to ? Kok ben dina nyetele lagu kuiii terus ?

“Yo ora popo, to, dik. Wong lagune pancen enak dirungokke.”

“Enak sih enak. Tapi tetep wae ora pantes, Mas. Wong awak-e dhewe iki manten anyar, lho. Kok sampeyan wis nyetel lagu koyok ngono. Ora pantes nek dirungokke tonggo.”

“Ora pantes piye ?

“Syair-e kui lho, Mas, sing ora pantes.”

“Oalahhh … ngono wae kok dipikir. Wis, kowe ora usah mikir sing aneh-aneh, engko mundhak kuru awakmu.”

Srinthil jur meneng, tapi atine tetep nggondhog. Mergo ora rumangsa salah, Bondet terus wae nyetel lagu favorit-e.

Ing sak wijining sore, pas Bondet baru mulih soko kerjo, ono tamu lungguh neng kursi teras omah kontrakane. Tamune kui jenenge Lasmi, biasa diundang Yu Lasmi, tonggo ngarep omahe Bondet. Nek didelok soko wajahe, Yu Lasmi koyok wong arep nesu.

“Eee … ono tamu, to. Empun dangu, Yu ?”

Tibane Yu Lasmi malah langsung nesu karo Bondet.

“Wiss …. Gak usah basa-basi, Mas Bondet ! Aku tersinggung karo sampeyan !”

“Elhoo … lho … ono opo iki ? Kok ujug-ujug nesu karo aku ? Opo salahku, Yu ?”

“Hallahhh … sampeyan ojo pura-pura gak ngerti ?!”

“Elhoo … bener, Yu. Aku gak ngerti opo sing mbok karepne. Opo salahku, Yu ?”

“Jik pancet ngeyel gak ngerti salahmu ?! Aku, sing jik ayu kinyis-kinyis ngene iki, sampeyan padhakne karo ibukmu ! Ora trimo aku !”

Yu Lasmi terus wae nyemprot Bondet. Bondet jik kamitenggengen. Bingung. Cangkeme ngowoh koyok iwak mas koki.

Srinthil sing wis mulai dheg-dheg mulai Yu Lasmi teko, langsung mlayu lewat lawang samping omah. Srinthil ngundang Pak Diran, pak RT-ne, lapor neng bojone dilabrak Yu Lasmi. Pak Diran karo Srinthil langsung mlayu arep nengahi Bondet karo Yu Lasmi. Krungu ono ribut-ribut, tonggo-tonggo podho ngrubung omah kontrakane Bondet-Srinthil.

“Wis … wis … uwis, Yu. Gak usah ribut-ribut. Ngono wae kok dilebokne ati to, Yu ? Wis gak usah diteruske ! Ayo, bali … bali … ! Bubar … bubar … ! Gak apik disawang tonggo !”

“Tapi … aku tetep gak trimo, Pak RT !”

“Uwiss … uwiss … ! Wis Yu, sampeyan mulih wae. Mas Bondet dadi urusanku. Wis ya, Yu. Sepurane yo.”

Yu Lasmi bali mulih nyang omahe karo mrengut. Matane mendelik karo wong-wong sing dho ngrubungi omahe Bondet.

“Yu Lasmi kok nesu karo aku ke kenopo to, Pak RT ?”

“Elhoo … sampeyan jik durung eruh to, Mas Bondet ?”

“Dereng, Pak RT.”

“Ngene lho, Mas Bondet. Yu Lasmi kui tersinggung karo lagu sing sampeyan setel saben ndina. Mangkane mulai saiki wis gak usah nyetel lagu kui maneh. Yo … nek sampeyan ijik pingin nyetel, setel ning kamar wae tur gak usah banter-banter, lirih wae. Iso to, Mas Bondet ?”

“Yo … iso wae. Ning, … kenopo Yu Lasmi kok iso tersinggung ?”

“Wis … gak usah dibahas maneh. Sing penting sampeyan gak nyetel lagu sing marahi Yu Lasmi tersinggung. Yo maklum, Mas Bondet … Yu Lasmi kan rondho setulegi.”

Rondho setulegi ? Opo kui, Pak RT ?”

“Setengah tuwo lemu tur ginuk-ginuk.”

Bondet karo Pak RT langsung ngakak sampe loro wetenge. Ganti Srinthil sing bingung. Ngowoh koyok iwak mas koki.

Lagu opo sih kok sampe iso gawe ribut ?

Oalaahhhh … lagu iki to.

Tulisan sebelumnya :

- Khasiat Batu Akik

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun