Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Dirabi Bajul Siluman

6 Juni 2014   15:10 Diperbarui: 20 Juni 2015   05:03 111
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption id="attachment_327631" align="aligncenter" width="300" caption="Bajul Putih"][/caption]

Kaya dene biyasane, saben isuk lan sore Sumi ngumbahi klambi lan asah-asah uba rampe dhapur pisan ing kali cedhak omahe. Pakulinan iki pancen wis dadi adate warga desa kana.

Ndelalah sore kuwi kaline nedheng-nedhenge banjir, saengga banyune kali munggah ora kaya adat biyasane. Nalikane nembe umbah-umbah, dumadakan kanthi ora sengaja Sumi weruh barang rupane ireng rada dawa kemampul nang panggonan kang biyasa kanggo umbah-umbah warga desa kana. Tanpa nduweni rasa cubriya, Sumi nyedhaki barang kang kemampul kasebut. Dumadakan, barang kuwi obah-obah, nanging ora ngadoh malah nyedhak. Bareng saya cedhak, cetha menawa barang kemampul kasebut dudu sampah utawa gagang sawenehe tetuwuhan nanging sawijining rete utawa anak bajul.

Kanti tanpa tidha-tidha, Sumi sing kudune gila malah nyedhak lan tanpa nggagas sing neka-neka banjur njupuk rete kasebut lan banjur digawa bali. Rete kasebut banjur diopeni lan diseleh nang kendhil, sabanjure dideleh nang ngisor longan amben omahe.

"sliramu keri wae ana kene ya ngger, aku bakal nggulawenthah sliramu kanthi becik..", ujare Sumi karo ngelus-ngelus rete kasebut tanpa jijik apa dene wedi babar pisan. Kaya dene ana sing manjing marang ragane kanggo ngopeni rete kuwi. Saben dina, Sumi ajeg ngloloh panganan arupa cebong marang "anake" kuwalon iku.

Mung anehe, saploke ngopeni rete kasebut, mundhak dina uripe Sumi sang saya mapan. Sumi, kang mung randha ijen tanpa anak tanpa rowang, saiki uripe dadi kecukupan. Kamangka biyen, kanggo nyukupi butuhe dhewe saben dinane wae rekasa. Saiki, mundhak dina saya mundhak kecukupan. Kabeh iki uga tanpa kanyana-nyana. Kawitane, nalikane Sumi nembe resik-resik amben, nalikane nganggkat bantal kok nemu dhuwit kang lumayan akeh. Maune bab kasebut ora digagas, paling-paling dheweke lali nyimpen dhuwit ana ngisor bantal, sing wigati bisa kanggo nyambung urip saiki lan mengko. Mangkono batine

Nanging, liya dina nalikane resik-resik amben omahe, dheweke nemu dhuwit maneh kang akeh kanggone dheweke.

"Kok aeng men ta, iki dhuwit saka ngendi?" batine Sumi tidha-tidha.

Nanging, saya dipikir dheweke malah sang saya mumet.

"Wis ah, sing penting bisa kanggo ngopeni rete iki nganti gedhe lan bisa kanggo nutup kabutuhan saben dinane..." batine Sumi karo mupus sakabehe kedadeyan aeng kasebut.

Rete olehe nemu kuwi maune mung dipakani kuthuk sing dituku nang pasar. Mundhak dina, bareng rete kasebut sangsaya mundhak gedhe, banjur ditukokake pitik lancur. Nanging saiki tuwuh prekara anyar, kendhil sing dianggo ngopeni rete wis mulai kecilikken. Mbok menawa sesuk-sesuk malah ora momot babar blas.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun