Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Araning Zaman Jawa

23 Juli 2020   14:40 Diperbarui: 23 Juli 2020   14:31 284
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Duk rikala samana, jaman ja majuja, para winasis ing tanah Jawa nganakake parepatan, kang mungguh werdine yaiku kanggo menehi tengara/tenger maneka warna kedadeyan ing marcapada ini kanthi paring aran utawa nggolongake ing pirang-pirang jaman miturut cara Jawa. Sengaja penulis ora menehi taun utawa wektu sing pesthi, amarga pesthi mung kagungane Gusti Allah pribadi, manungsa mung bisa ngarani utawa menehi tenger/tandha
kanthi cara pasemon.

A. Jaman Purwa, kang sinebut Kali Swara, rikala samono, ing pulo Jawa asring kep-
rungu swara alam, gara-gara, pethit, bledheg kang anyamber-nyamber, sarta akeh
kedadeyan sing aing karana akeh manungsa dadi Dewa lan para Dewa tumurun ing
bumi dadi manungsa.

Jaman Kali Swara kapara dadi:

  1. Kala Kukila: uripe manungsa kaya sato iber-iberan, silih-ungkih, sapa sing
    kuwat iku sing menang lan kuwasa nduweni sakabehane. Sabab durung ana ratu,
    saengga durung ana tata pamarentahan, utawa durung ana sing ngatur tata cara
    panguripan.
  2. Kala Buddha: kawiwitane wong-wong Jawa padha ngrasuk agama Buddha mi-
    turut Sang Hyang Jagadnata (bathara Guru)
  3. Kala Brawa: wong-wong Jawa padha dene ngatur ibadahe mring para Dewa,
    sabab akeh Dewa kang mudhun ing marcapada kanggo menehehi ngelmu lan
    kawruh.
  4. Kala Tirta: banjir bandhang, banyu segara nutupi dharatan, ing sajroning ba-
    nyu iku ndonya kapentha dadi loro. Sing Kulon aran pulo Sumatra, lan sabanjure
    akeh jumedhule belik, sendhang, tlaga lan sapiturute.
  5. Kala Swabara: akeh kedadeyan kang sarwa ajaib jumedhul lan manjing ing
    anggane manungsa.
  6. Kala Rebawa: wong-wong Jawa wis miwiti nganakake karameyan, kesenian,
    kabudayan lan sapiturute.
  7. Kala Purwa: akeh jumedhule wong-wong kang sadurunge minangka tedhak tu-
    rune wong-wong gedhe kang dadi wong salumrahe, banjur dadi panggedhe maneh.

B. Jaman Madya/tengahan, sinebut Kali Yoga, akeh mobah-mosiking kahanan ing
marcapadha. Donyane sigar, kang nyababake dumadine pulo-pulo cilik-cilik, akeh ti-
tah kang kleru lakune, amarga sing mati akeh sing manjing/nitis.

Jaman Kali Yoga kapentha-pentha dadi pitung jaman, kang aran:

  1. Kala brata: wong-wong padha ngalami kurang boga,
  2. Kala Drawa: akeh wong-wong kang padha oleh wewisik lan pinter merdekake babagan kang gaib,
  3. Kala Dwawara: akeh kadadeyan kang aeng/ora tinemu nalar,
  4. Kala Praniti: akeh wong kang migatekake ulah budi,
  5. Kala Teteka: akeh wong-wong manca kang padha tumeka ing tanah Jawa,
  6. Kala Wisesa: akeh wong kang kena paukuman,
  7. Kala Wisaya: akeh wong kang kena pitenah.

C.  Jaman Wasana/akhir kang sinebut Kali Sangara, ing jaman ini akeh udan salah
mangsa lan akeh kali sarta bangawan kang mingser, bumi kurang paedahe, nyrimpeti
kabagyan, ngurangi rasa nrima, sabab manungsa akeh sing mati kanthi tetep nyekeli
ilmune.

Jaman Kali Sangara kapentha dadi:

  1. Kala Jangga: akeh wong ulah kautaman,
  2. Kala Sakti: akeh wong-wong kang ulah kasekten,
  3. Kala Jaya: akeh wong-wong kang ulah kekuwatan minangka panggautan panguripane,
  4. Kala Bendu: akeh wong-wong kang padha tukar padu, tumanjane dadi padha padudon/perang,
  5. Kala-suba: pulau Jawa wiwit kencana mukti, tanpa kasangsaran, wong-wong padha seneng atine,
  6. Kala Sumbaga: akeh wong pinter, misuwur lan ampuh,
  7. Kala Surasa: pulo Jawa kuncana mukti wibawa, sarwa tumata, reja, ora ana kasusahan, akeh wong-wong padha ulah asmara.

Ing mbesuk sabanjure, pulo Jawa bakal kelem amarga redi Tidar kajejak dening Kaki Semar, minangka pratandha kawusanan panguripan ing tanah Jawa.

Soma/Senen Pahing, dina kaping 20, candra Juli, surya kaping 2020

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun