Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu...

Saat ini sedang melanjutkan sekolah S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Anakku Mati Dimangsa Ula Siluman

27 April 2014   18:38 Diperbarui: 23 Juni 2015   23:08 0 1 3 Mohon Tunggu...

Prastawa kang medeni iki dialami dening pasangan Mugiyono lan Mumun, sing saiki manggon ana ing Sidoarjo, Jawa Timur. Sarampunge SMA ing taun 1980-an, Mumun isih sempet nyambut gawe ana ing instansi swasta ing Kuningan, Jakarta. Nalikane nyambut gawe ana kana kuwi, dheweke kenal karo Mugiyono sing isih mambu kulawarga karo kancane. Rong taun sawise pacaran, wong loro mutusake kanggo ngresmekake hubungane lan mbangun bale wisma bebarengan ing taun 1990. Mumun wis manteb marang pilihane diwengku dening Mugiyono, sing miturut dheweke wonge pangerten lan ngemong. Apa maneh Mugiyono uga wis nyambut gawe minangka pegawe negeri ing instansi angkatan laut ing Surabaya. Sawise dadi manten, wong loro sekaliyan manggon ana ing rumah dhinas sing disedhiyakake dening kantore Mugiyono. Sak jan-jane wong loro rumangsa seneng, dene nembe omah-omah wis disedhiyani omah dhinas dening kantor. Mung sing ndadekake Mumun dadi kurang sreg, amarga omah sing are dipanggoni kuwi katon surem lan suwung. Kaya dene wis pirang-pirang taun ora nate diambah manungsa, pekarangane uga ora kopen, tanduran lan wit-witane padha ngrembuyung ora kopen. Kamangka ing pekarangane akeh tuwuh wit gedhang lan pelem sing marahi dadi nambah sereme kahanan omah kuwi. Sabenere Mumun wis krasa ora kepenak ndelengi kahanan omah kuwi, nanging arep kandha marang bojono dheweke ora sranta. Ngelingi menawa bojone durung kuwawa menehi omah sing pakra kanggo wong loro. Setaun sawise dadi manten, Mumun nglairake anak lanang kang diwenehi jeneng Danu Eko Juniarto. Sawise kelairane Eko, Mumun rumangsa suwasana tintrim saya ndadi ana ing omahe kuwi, apa maneh ana ing kamar paturon. Mumun sering weruh bayangan ula gedhe sajodho sing ngupengi amben wesi sing biyasa kanggo turu dheweke karo bojone. Menawa dicedhaki, bayangan ula kuwi enggal-enggal musna. Sing ndadekake swasana tambah medeni lan aneh maneh sarta marahi githoke Mumun dadi mengkorog, saka ngisor amben asring krungu swara ula ngisis. Nanging bab iki ora dicaritakake Mumun marang bojone, senajan to dheweke yakin menawa suwara lan wedujudan ula kang nggegirisi iku nyata-nyata ana. Mumun wedi menawa bojone nganggep dheweke mung crita ngayawara lan halusinasi wae, amarga bojone dhewe ora nate crita bab  kang padha marang dheweke. Sing luwih aneh maneh, Eko mesthi rewel wae menawa ana ing kamar. Bayine Mumun kuwi mesthi sering nangis menawa bengi, apa maneh menawa bojone, Mugiyono nembe ora ana ing omah. Rupane anake Mumun kuwi ora kaya bayi-bayi liyane, rupane kaya dene tansah keweden. Eko ora bisa mesem babar pisan apa maneh nganti ngguyu, senajan to diajak dolanan utawa guyonan. Sing tambah mrihatinake maneh, saiki sering lara-laranen lan kuru kaya bayi sing kurang gizi nemen. Sawijining dina, wektu kuwi Eko nembe umur limang wulan, dumadakan awake panas nemen kaya kena step. Mumun lan bojone age-age nggawa Eko menyang rumah sakit. Anehe bareng tekan rumah sakit, kok panase langsung suda dhewe. Sak wise diwenehi obat penurun panas, dhoktere mrenahake supaya Eko digawa mulih wae. Mugiyono dalah bojone ya kepeksa nuruti apa sing wis dingendikake dhokter wae. Satekane ana ngomah, Eko enggal diturokake ada ing paturon bayi, sebelah amben paturon. Nanging ora suwe, dumadakan Eko enggal-enggal wae nangis mbengok, mripate mendelik mendhuwur, kaya-kaya meruhi babagan kang medeni banget. Mumun rumangsa bab iki dudu sabaene, nalurine minangka biyung ngandhani menawa bayine nembe ngalami lara sing abot nemen, nanging ora ngerti kuwi apa sababe.... Mumun enggal-enggal nggendhong Eko supaya enggal lerem. Nanging saiba kagete, nalikane digendhong dumadakan napase dadi pedhot-pedhot lan ora suwe tangise saya suda, banjur meneng.... bebarengan karo ilange sukmane Eko. Lunga, tilar donya, ninggalake wong tuwane kanggo selawase kanthi kahanan kang ngenesake. Salungane Eko kanggo salawase ndadekake susah lan cuwane kanggo Mumun lan bojone minangka wong tuwa. Senajan mengkono, Mumun lan bojone ora duwe panyakra bawa ala mahanani sebab musababe kok Eko nganti tinggal donya kanthi nyalawadi kasebut. Mumun ora duwe rasa cubriya ngenani sabab-musabab matine anak kang banget ditresnani iku. Ora ana rasa cubriya babar pisan, menawa matine Eko amarga saka kawengisane sepasang ula siluman kang manggon ana ngisor ambene wong loro kuwi. Kanggone Mumun, matine Eko minangka pepesthen saka Gusti Allah. Dadi ora perlu ditangisi kanthi nemen kabeh wis dikersakake Gusti kang karya jagad gumelar iki. Durung nganti rong taun sapaninggale Eko, Mumun nglairake maneh anake sing kapindho, bocahe nggantheng memper anake sing kapisan. Karo wong tuwane, bayi kuwi diwenehe jeneng Pratama Wijaya. Laire anak sing nomer loro iku bisa nggenteni rasa kuciwane wong tuwane amarga kelangan anak sing sepisan. Nanging Mumun lan bojone ora suwe anggone nngrasakake kabagyan iku, amarga ora suwe bayine iku uga lara-laranen, kaya dene apa sing kedadeyan marang bocah mbarepe almarhum sadurunge. Rupane tansah pucet lan keweden, awake uga kuru aking kaya bayi sing kurang gizi kae. Mung bedane, menawa Eko tilar donya ing sajrone umur limang wulan, Pratama ngalami tilar donya ing umur udakara ring taunan. Sadurunge tilar donya, Mumun isih sempet nggawa anake iku mulih menyang wong tuwane nang Jakarta, amarga ramane arep munggah haji, mula ya disempatake kanggo niliki ngiras-ngirus karo usada ben anake kuwi bisowa maras kaya wingi uni. Kabeh kulawargane sing weruh kahanane si jabang bayi padha dene trenyuh, rupane Pratama katon menawa kaku banget, ora bisa ngguyu. Malah salah sawijine adhine Mumun wara-wara marang sapa wae sing bisa gawe guyu utawa mung mesem si Pratama bakal diwenehi satus ewu. Nanging mbaka sijia ora ana sing bisa ndadekake si bocah dadi mesem. Mung ndelalahe, salah sawijine tanggane wong tuwane Mumun ana sing nduwene kabisan supranatural kuwawa menehi kali damar marang apa sing dialami dening Pratama. Miturut OM Indrawan, mangkono asmane paranormal iku, anake Mumun digodha dening siluman ganas kang awujud ula. Siluman ula iki senengane memangsa manungsa, utamane bocah cilik sing getihe isih wangi lan legi kanggone para siluman kuwi. Dheweke uga maringi pamrayoga supaya Mumun enggal-enggal golek "wong pinter" kanggo ngilangi ula kang manggon ana ing anake kasebut. Sawise ramane tindak munggah kaji, Mumun sakulawarga enggal bali menyang Surabaya. Wong loro uga enggal golek "wong-wong pinter" kanggo nanggulangi ula siluman kasebut. Mung emane ora ana siji-sijina sing kuwawa nanggulangi ula silmuan sing jebul sajodho kasebut. Malah ana uga paranormal sing teka menyang omahe Mumun lan bojone iku ngalami kapracondhang lan nandang tatu abot amarga gelut karo siluman ula sakloron iku. Ana uga paranormal sing nembe wae teka ngomah, enggal-enggal mulih sawise weruh ula siluman sing manggon ana ing ngisor amben kuwi. Saka sawenehe wong pinter kang wis ditemono Mumun dalah bojone, ngandhakake menawa ula siluman sajodho kang manggon ana ing ngisor amben kuwi kalebu ula siluman sing seneng getihe manungsa lan nduweni kasekten sing angel dikalahake. Kalorone ula kasebut uga wis puluhan taun manggon ana ing kana, sadurunge omah kasebut dibangun. Kawasan iku dhewe biyene minangka pesawahan kang ora adoh saka gisiking segara, utamane Kanjeran kang pranyata panggonane sakehing dhemit lan lelembut. Seprana-seprene Mumun lan bojone durung uga nemokake wong pinter sing bisa nelukake ula siluman sajodho iku, wusanane Pratama uga nyusul kangmase kanthi kahanan kang uga nrenyuhake. Mripate mendelik kaya keweden weruh memedi. Nalika Mumun ngabarake pawarta kang nyusahake kuwi marang ramane ing Tanah Suci, pranyata ramane ora kaget babar pisan. Ramane ngendika menawa piyambake wis meruhi sadurunge menawa putune bakal katimbalan Gusti kanthi cara kang nggegirisi iku nalika nembe dedonga ana ing ngarepe Ka'bah. Nalikane nembe nedheng-nedhenge dedonga dumadakan wae ramane nangis ngguguk lan wengine piyambake nyupena mriksani putra wayahe dimangsa ula siluman raseksa sajodho. Pasupenan iku nganti ambal kaping pindho. Melangan anake kaping loro tanpa ana sing bisa ngrampungi gawe ndadekake Mumun dadi duwe pangigit-igit kang jeru marang ula sajodho kuwi. Dheweke golek sawenehing wong pinter nganti tekan Pulo Madura. Ndelalah ing kana dheweke kepethuk sawijining ustad kang manggon ana ing Bangkalan - Madura kang asma Ustad Solihin. Piyambake mumpuni ing babagan ngelmu spiritual. Kanthi sarana pitulungane Ustad Solihing kang direwangi sawetara para santrine kang jumlahe nganti puluhan kuwi, wusanane ula siluman sajodho kasebut bisa ditelukake ing sajroning wektu seminggunan. Sawise ula siluman sajodho kasebut bisa ditelukake, Mumun milih pindhah saka kutha Surabaya. Nganti seprene Mumun durung bisa ngilangi rasa atine, kelangan anake sakloron sing banget ditresnani iku. Kaya-kaya prastawa iku nembe wae kedadeyan ing wektu wingi, menawa ora kuwat dheweke bisa lara nemen nganti dadi wong edan. Saiki Mumun lan bojone wis kapringan maneh anak loro, lanang kabeh lan padha dene ngganthenge lan mas-mase sing wis tilar donya. Nanging saben-saben mlebu ing kutha Surabaya, dheweke ora kuwawa ngampet tangise, wewayangane Eko lan Pratama sing diuntal ula siluman raseksa ora bisa ilang saka pangangen-angene senajan ta kedadeyan kuwi wis ilang suwe. Saengga saprene, Mumun anggere ketemu ula mbuh kuwi ing gambar apa wujud nyata langsung bengak-bengok karo girap-girap kamigilan banjur misuh-misuh ora karuwan kaya wong edan lan sawise iku banjur nangis nrenyuhake. Mung saya suwe dheweke banjur dedonga marang Gusti Allah, supaya bisa nampa prastawa kuwi kanthi ikhlas lan uga bisa nglalekake kedadeyan kasebut. (Cuthel) Sumber: Prihatin Handayani

KONTEN MENARIK LAINNYA
x