Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Suguhane Calon Mertuaku

18 Agustus 2021   09:20 Diperbarui: 18 Agustus 2021   09:26 780
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

Saktenane serba salah. Aku iki ibarate mung tamu, durung dadi anggota keluarga utawa sisihane Nadya. Mula aku kudu mangerteni ora bisa sakarepe ana omahe Nadya sing ana wong tua lan adhine. Jan-jane suguhane Bu Mustika enak-enak ananging ora meneri atiku wae. Mesti ana kedadean sing nyleneh. 

Embuh kuwi kucinge sing melu mangan, pacitan sing kangelan ngonceki kathik kulite kandel. Lha ana wong kok disuguh duren glundungan karo jeruk bali. Gek glundungan kaya ngono ya ora disediani lading. Lhah jane piye?

Aku wis tau nggawa panganan saka ngomah utawa tuku ning ndalan. Ananing Bu Mustika lan Nadya menging kareben aku ora dadi repot. Ngendikane yen aku mara ya sing disuguh aku, dudu aku sing nggawa pacitan. Kathik Indra, adhine Nadya yen weruh aku nggawa bungkusan sajake banjur kepo. Mripate mendelik ngenteni kreseke dibukak. 

Menawa ora enggal dibukak, adhine bakal polah. Dheweke caper karo ngganggu anggonku omongan karo Nadya. Gelem ora gelem bungkusan iku kudu dibukak. Ora perlu takon! Indra padha kaya kucinge. 

Menawa seneng karo jajananku, kabeh dipangan Indra. Aku karo Nadya sidane mung wedangan. Ya mung wedang putih kaya adate. Mula saka kuwi aku mesti sedia panganan sethithik ana sak lan mangan sega sadurunge mangkat kareben ora kaliren nalika apel Nadya.

Kelingan mbiyen pisanan sowan, aku ora disuguh apa-apa malah didhawuhi apek rambutan lan pelem dhewe ana wit. Mbuh karepe Bapakne Nadya, aku dites bisa menek apa ora, seneng colong jupuk apa ora. Rambutan sing gumandul cerak jendela kuwi ora tak jupuk blas. Sajake bapake Nadya sadurunge aku teka wis ngitung rambutan iku cacahe ana pira. Menawa kelong berarti tak jupuk, semono uga yen wutuh berarti aku ora nggagas rambutan kuwi.

Saktenane cerita iki saru lan wagu. Aku uga ngerti. Ana wong kok nyeritakake suguhan pacitan nggone omahe pacare. Ananging aku mung pengin cerita wae. Ndelalah calon mertuaku pancen wagu anggone suguh pacitan.

Aku disuguhi pacitan apa wae gelem. Arep diwenehi jagung bakar, telo godhog nganti jenang pati garut bakal tak tampa. Geneo aku wis oleh anak wadone sing ayu dhewe, sing bisa gawe atiku ayem tentrem. Nadya, kenya siji-sijine sing banget tak tresnani.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun