Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Sutini Bakul Gethuk dan Aneka Stiker

11 Oktober 2020   17:02 Diperbarui: 11 Oktober 2020   20:15 554
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen foto pribadi

Sutini mlaku rikat. Ora ninguk kiwa tengen, apa maneh madhep mburi. Embuh dina iki ana perkara apa kok Sutini ora kaya biasane. Adate Sutini iku tlaten lan sabar sedalan-dalan. Sedhela-dhela dheweke kudu mandheg merga akeh sing njelukake. 

Malah uga kerep digodani lan diajak guyon karo mahasiswa utawa nom-noman sing sengaja ngadhang ning ndalan. Amarga saking kondange, "Sutini Bakul Gethuk dan Aneka Stiker" kerep diundang ning acara-acara. Malah wis keprungu kabar yen sasi ngarep Sutini bakal ditanggap dadi bintang tamu ning salah sijine TV swasta. Lah suwe-suwe Sutini kuwi mesti dadi artis kondang.

"Gene kok cepet temenan olehmu tekan kene, Ngin?" pitakone Surati bakul tape goreng karo aku sing mengkis-mengkis olehe hambegan. "Kowe ki ana apa kok kaya keweden demit?"

Aku nudingi Sutini sing wis haha-hihi karo geng-e ning tengah lapangan.

"Aku nututi Sutini. Kawit mbiyen ki aku pancen ana mburine ta, Sur." Aku cucul topi banjur tak ubeng-ubengake persis nalika njoget dangdut campur sari. "Sutini kuwi mlakune rikat banget. Jan anggone dodolan gethuk ora kaya adate sing tlaten lan sabar."

"Ealah, Ngin. Kowe gek ngrumangsani ta nek Sutini iku wis owah. Wis uda kara ameh sesasi iki wonge ngono kuwi ki," kandhane Surati karo malik gorengan tapene. "Kowe kesuwen anggonmu tilik Pak Dhe ana Lampung."

Saksuwene iki Sutini dadi bakul teladan ning lapangan Rembes. Dheweke dadi panutan kanggo kabeh bakul amarga Sutini anggone bakulan tlaten, sabar lan maju. Pelanggane akeh temanan, prasasat yen Sutini liwat utawa mangkal mesti padha nyengkakake tuku. Mula saka kuwi akeh sing pengin dodolan sacerake Sutini kareben ketularan kelarisan.

Sutini kaya bakul gethuk adate sing ider sinambi nyetel dangdut utawa campursari sedalan-dalan. Pancen mung dodolan gethuk lan stiker, ananging carane bakulan iku pinter lan mbedani marakake wong sing ora kepingin mangan gethuk dadi tuku gethuk, wong sing ora kepingin stiker banjur tuku stiker. Dheweke dodolan sinambi joget-joget lan nembang. Obahe awake Sutini pancen luwes lan swarane apik. Sutini uga kerep nyetel musik jathilan banjur dheweke njathil nganti ethok-ethok ndadi. Yen wong liya negar-negar njathil mesti malah nggilani, ananging yen Sutini senajan ndadi banjur ngrokoti kates mentah tetep wae ayu lan luwes.

Aku ora ngapusi. Senajan Sutini cosplay dadi wewe gombel wae tetep ayu. Jan Sutini iku mbiyen mesti laire kalung usus. Sakwernane lakon lan sandhangan katon luwes ning awake. Dadi yen Sutini sing kerep nyamping nalika dodolan persis kaya temanten wadon.

"Sssttt!! Tak kandhani, Ngin. Sutini kuwi jarene wonge wis lekas ora nggenah," tuture Tukidi, bakul cilok sing kawit mau mung meneng wae. "Aku jane ya rung tau meruhi neng yen diwawas saka clathu lakune saiki bisa wae ana benere."

"Hus!" Aku ora percaya. "Mbok yen omong kuwi sing ati-ati. Aja gawe-gawe!"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun