Mohon tunggu...
KOMENTAR
Sosbud

[Rerasan Banyumasan] "bali"

13 Agustus 2012   15:59 Diperbarui: 25 Juni 2015   01:50 309 6
Tumrape wong sing tau lunga adoh sekang desane–mbuh maring desa liya mbuh maring kota, apamaning jere malah nganti nyebrang segara maring luwar pulo (jawa) utawane manca negara–tembung “bali” kena dearani tembung sing marakaken pirang-pirang pengrasa. Jere Kang Bawor–kae angger Ki Gino agi ndalang–tembung “bali”kuwe tegese marani papan panggonan sing kanggo mangkat lunga. Dadi njujug maring papan kawitan sing wis detinggal lunga mbuh mung sedhela apamaning suwe nganti taun-taunan. Plekara mengko papan kuwe ditinggal lunga maning tah ya mesthi dadi lan ana critane dhewek.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun