Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Wigatekna

8 Januari 2015   14:32 Diperbarui: 17 Juni 2015   13:34 54 0

Besuk nalika pacul kelangan gagange
Wedhung kelangan garane
Kendhi prothol irunge
Wajan kelangan kupinge
Kori kelangan gemboke
Kathok kelangan kolore
Jendela kelangan engsele
Buku kelangan kertase
Potlot kelangan arenge
Rai kelangan wandane
Thole lan gendhuk kelangan isine
Bapa ibu pak dhe budhe kelangan pamore
Omah kelangan wuwunge
Mushola kelangan jamaahe
Kali kelangan beninge
Gunung kelangan kukuse
Alas kelangan witwitane
Kali kelangan iwake
Segara kelangan asine
Sato kewan kelangan panggonane
Manungsa kelangan imane
Mara wigatekna
Apa kang bakal kedadeyan?

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun