Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Puisi | Cidro

1 Februari 2019   13:51 Diperbarui: 1 Februari 2019   14:27 20 0
laraning loro
ora koyo wong kang nandang cidro
cidroning roso ora gur agawe ngelu rogo
nanging tumempel jroning sukmo

sandung lamur dudu kesandung amargo lamur
tambahin umur kudu iso nahan ben nora kebanjur
menungso urip kudu eling lan waspodo
supoyo biso ora cidro rogo lan sukmo

dene ono sandumgan sing ora iso sumingkir
bisoo agawe menungso mikir
ndino wengi olehe ngaji
kudu iso ngolahi santen soko cengkir
upamane lelaku urip dadi wohing durangkoro
elingono suk bakal mbujur ngalor tanpo bolo
mulo wiwitono ojo mbok tundo
madep mantep melu sing gawe perkoro

-------
Serdang, subuh
1 feb 2019

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun