Mohon tunggu...
KOMENTAR
Analisis

Pemilu 2024

28 April 2021   12:18 Diperbarui: 28 April 2021   12:26 56 1

#Ngecebres08


Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin

Luur, sepurane ya, kiye inyong esih ngecebres pemilu. Nek ngomong babagan pemilu asline pirang-pirang banget sing bisa deomongna. Pemilu kuwe pirang-pirang tahapane, ya kuwe dewiwiti sekang nyusun program, anggaran lan peraturane; kaping lorone : data pemilih sing ana deanyarna lan detata maning ben valid lan maen, kaping telune lan papate: sing jenenge pemilu kan kudu ana pesertane, pesertane pemilu kuwe partai politik lan perorangan nggo pemilihan DPD RI. Angger kepengin melu pemilu, partai politik sing wis ana kudu ndaftar maning meng kpu, banjur kpu nguji utawa ngecek partai mau neng babagan kepengurusane, kantore, anggotane lan 30% penguruse ana wong wadone apa ora. tes decek neng kpu, nembe bae deputusna partai mau lolos dadi peserta pemilu apa ora.

Kaping limane: penetapan jumlah kursi lan penetapan daerah pemilihan. Maksedu, 50 jumlah kursi lan 6 dapil neng kabupaten banyumas kuwe arep ajeg bae apa brubah kuwe kudu detetapna maning. Ana rumus lan aturane. Uga ana tahapan rembugan ngundang ahline lan dinas-dinas liane.

Kaping eneme: kiye nembe pencalonan. nek rika pada pengin nyalon anggota dprd kab banyumas, daftare meng partai politik kabupaten banyumas . Partai politik mau sing ngurusi pendaftarane meng kpu kabupaten banyumas. Rika pada ora bisa langsung ndaftar meng kpu, ningen kudu lewat partai politik mau.

Kaping pitune: tes penetapan calon tetap,nembe kampanye. Masa kampanye limang wulan. Kampanye pirang-pirang carane, ana sing masang baliho utawa spanduk, ana sing mbagi stiker lan leaflet, ana sing nganakna kumpulan, ana sing nganggo rapat umum, ana uga sing dor to dor nekani umah-umah, uga ana sing kampanye ngganggo iklan radio, tv, koran lan media sosial. Kabeh model kampanye mau ana aturane, ora bisa segele dewek. Tujuane kon tertib, rukun lan kondusif.

Kaping wolune; masa tenang. Wektune telung dina gutul dina pencoblosan.  kabeh peserta pemilu ora olih nganakna kampanye maning. Kabeh alat peraga kampanye, baliho spanduk, umbul-umbul lan lia-laine kudu wis dedunna. Ora alih depasang. Ningen neng masa tenang kiye, dadi masa krusial. Wektu-wektu sing kudune tenang malah rungsing. Akeh pelanggaran, contone pada wuwur utawa money politik.

Kaping sangane nembe pencoblosan, rika pada meng TPS milih calon sing neng rika senengi. Milihe udu merga duwite,  ningen merga rekam jejake pancen maen, wong apikan  lan akeh darmane ya luur. Tes coblosan, nembe detung sapa sing menang lan sing jagong dadi anggota dewan. Kuwe jenenge tahapan pemilu lur.

Luur, wulan-wulan wingi rika mesti krungu kan, nek arep ana revisi uu pemilu no 7 tahun 2017? Ana usulan arep gawe pemilu nasional lan pemilu lokal utawa pemilu daerah. Pemilu nasional kuwe milih presiden/wakil presiden, DPR RI, DPD RI, DPRD Propinsi lan DPRD Kabupaten, serentak sedina demulai neng taun 2024. Nek pemilu lokal kuwe pemilihan nggo milih gubernur/wakil gubernur, bupati/wakil bupati lan walikota/wakil walikota, usulan rencane bareng serentak neng taun 2027. Mulane ana usulan sedurunge gutul pemilu lokal, pilkada debalikna maning 5 tuanan kaya biasane, yakuwe taun 2022 lan 2023. Contone neng banyumas akhir masa jabatane bupati/wakil bupati 2023, pilkadane yaneng  taun 2023. Uu pemilu uga arep derevisi contone babagan parlemen treshold (ambang batas parlemen), babagan pencalonan, larangan calon sing  sekang eks HTI lan lia liane.

Ningen usulan revisi mau, siki wis mandeg alias decabut sekang prolegnas DPR RI. Siki kiye kabeh wis kompak, pemerintah lan DRP ora nerusna maning rembugan revisi UU. Dadi balek meng aturan awal, yakuwe Pemilu 2024 lan pilkada serentak uga neng 2024, sing bedakna mung beda wulane.

Dadi ngesuk taun 2024 ana loro pemilihan, pemilihan umum lan pemilihan kepada daerah. pemilihan umum kuwe nggo milih presiden/wakil presiden, DPR RI, DPD RI, DPRD Propinsi lan DPRD Kabupaten. Nek pemilihan kepada daerah kuwe milih gubernur/wakil gubernur, bupati/wakil bupati lan walikota/wakil walikota. Taun 2024 kuwe pilkadane serentak bareng seluruh Indonesia.

Inyong krungu-krungu kabare jerene KPU wing mulai ngrancang, nyusun rencana tahanapan pemilune. Rencane pemilu neng wulan febrauri utawa maret tahun 2024, angger pilkadane wis mesti wulan nopember 2024.

Luur, 3 taun maning pemilu 2024, nek rika arep nyalon mulai siki siap-siap. Anggep domong esih suwe ya bisa bae ketone suwe, angger domong sedela maning ya bisa bae krasa gari sedela. Ningen sing utama desiapna kuwe niat, kudu delurusna niat. Niate arep nyalon kuwe apa. Aja nyalon kuwe niate golet gawean apa urusan materi tok, ningen kudune niat sing lewih adiluhung yakuwe bekti meng Pangeran lan manfangat urip bebrayan. Nek niate wis lurus kaya mau, mlakune lewih enteng. Malahan kaya ana sing nuntun. Ora gemrungsung. Mergane  sadar nek urusan mengkone dadi apa ora kuwe wis dadi takdir. Wis dadi garis nasibe.

Tes niate delurusna, gari rika mulai ikhtiar. Mulai gawe jeneng lan darma. Sedulur, kanca lan tangga teparo kudu deapiki kabeh. Mulai ngendong lan dolan nggone kanca batir. Kudu wani kesel dolani sedulur kanca batir. aja pemilu wis perek, rika nembe dolan lan nembung meng kanca. Nek rika wis ngendong ngal dina, wis akeh kanca batir sing detembung lan dejaluki donga, bisa dadi ngurangi ongkos politike. Sebabe rika wis dekenal neng wong akeh.

Sebenere nyaleg kuwe udu soal fisik lan niat tok, inyong olih crita sekang kanca-kanca sing nyaleg taun 2019 wingi kae. Kejaba fisik lan nyiapna modal, uga ora kalah pentinge nyiapna mental lan spiritual. Ana pirang-pirang cara utawa laku ben mental lan spirituale ketata.  Ningen beda guru beda laku batine. Ana sing puasa ngapit weton, puasa sunah, ziarah meng makam-makam kramat, adus neng sendang utawa sumur kuna, gutul laku sing aneh-aneh liane. Sing penting siji, kudu tetep rasional, kudu laku sing nemu akal. Aja ngangsi saking kepengin dadine rika pada, gadaikna kenyakinan. Lan kudu dekandeli maning, dadi ora rikane pada kuwe wis ana tulise, wis dadi garis nasibe. Rika pada mung gari usaha sing mempeng, lewih perek karo sing gawe urip, ngakehi amal becik. Ra sah kepikiran nyiapna duwit nggo wuwur ya lur. Malah bisa mubah, dadi ora, dunya ilang ora genah. Nek dadi kecatet ora berkah. Mbok kaya kuwe?

Kesuwun ya lur, wis aor hee. Klilan.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun