Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

[Rerasan Banyumasan] Sing Anyar Neng Pagelaran Wayang Kulit Jaman Sekiye

19 Juli 2011   11:15 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:33 686
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Kiye tulisan sambungane [Rerasan Banyumasan] Nonton Pagelaran Wayang Kulit sing winginane kae.

Pagelaran wayang kulit neng jaman sekiye ora mung melulu magepokan karo ki dhalang, sinden, wayang lan gending-gending wayang. Sekiye wis ketambahan 4 (patang) rupa maning: pelawak, penyanyi, tetabuhan seliyane gamelan, lan tata pencahayaan, sing kabeh kuwe pancen sengaja detimbali/deselenggarakena dening ki dhalang.

Pelawak. Paraga kiye biasane diembani dening 1 (siji) utawane 2 (loro) pawongan sing pancen wis misuwur kondang makantar-kantar sugih akale lan pinter gawe ngguyune penonton. Panganggone busana pelawak akeh-akehe ngagem busana jawa, senajan kakung utawane putri. Angger kakung nyampingan bebedan jarit klamben surjan tur ya blangkonan. Menawa putri ngagem busana sing ora patiya adoh bedane karo para sinden.

Ngulih nglawak ngenteni wancine gara-gara, utawane nalikane sewayah-wayah didangu dening sang dhalang. Dadi pelawak uga wis kudu siap neng panggung bareng karo munggahe sang dhalang, senajan mudhune ora kudu ngenteni tancep kayon purnaning lakon.

Nggulih nglawak biasane ya nganggo tutur basa jawa, senajan para pelawak kae pancen seneng ngracik ukara-ukara sekang basa manca. Awit sugih pengalamane pinter iguh pratikele, paraga kiye sering mrembet-mrembet aring kahanan sosial jaman sekiye nggulih nglawak. Babagan politik, berita ekonomi, plekara-plekara hukum, sering dadi bahan banyolan sing marakena penonton kegugah esem ngguyune senajan plekara-plekara politik-ekonomi-hukum ing sedina-dinane genah dudu plekara guyonan sing bisa gawe eseme lambe apamaning gemuyu kepingkel-pingkel. Kena denarani guyonane pelawak kuwe kena nggo nglipur lan nylimur susah sumpege penonton nggulih nglakoni urip saben dinane.

Paraga pelawak sing kondang asring katimbalan ndherek para dhalang aneng pagelaran wayang kulit sing kagelar neng tlatah mBanyumas kayata Nyi Suliyah (sing wis kondang awit nalikane jaman Peyang Penjol) lan Nyi Ciblek. Merga kula ora tepung langsung karo penjenengane, neng tulisan kiye ora bisa kebabar sapa lan kayangapa cukat trengginase piyayi 2 (loro) kiye nggulih nglakoni sujarahe nglawak aneng pagelaran wayang kulit. Mbok menawi mbenjang kapan wonten sok sintena kemawon ingkang kersa andum pengalaman lan seserepan ngenani babagan pelawak 2 (kalih) punika.

Penyanyi --uga sering kaaran biduan-- biasane desengaja wujud paraga satunggaling kenya sulistya merak ati lan mesthine swarane ya pancen kung. Senajan dudu kelebu rombongane sinden, ning lenggahe ya jejer bareng sinden. Tinon saking mandrawa yayah ora beda karo sindene, pada ayune pada moblonge. Apamaning angger panganggone busana uga nyampingan kebaya lan gelungan mblompak tur ya harnetan. Penonton kakung kaya-kaya kepengin merek lan salaman tetepungan banjur batiran, mbok menawa malah ana sing banjur kepranan kepengin lewih sekang memitran.

Ningen akeh-akehe penyanyi biasane ora nganggo busana kebaya lan nyampingan, ning ngagem busana kayadene apa mangsane model jaman sekiye. Mesthine ya katon edi peni senajan pada tetep gelem lan egin empan papan, tegese nora ngumbar alusing kulit kaya-kaya nganggo busana sing bahane kurang, apamaning katon mbuh apane.

Kayadene pelawak, penyanyi uga wis lungguh temata bareng munggahe sang dhalang. Biasane nggulih ngayahi jejibahane ngepasi wancine gara-gara, malah sering didapuk nembang bareng karo si pelawak utawane sinden. Lagon-lagon sing ditembangake umume lagon campursari utawane langgam jawa, senajan ana uga sing nembang lagon-lagon jaman sekiye miturut penyuwunane sang dhalang utawane sang kagungan dalem sing nggelar tanggapan. Kepara malah akeh uga penonton sing melu pada nyuwun. Anggone nembang karo jumeneng kepara maju, njoged seperlune, ora kaya sinden sing tetep anteng lungguh neng panggonane. Tabuhan pengiringe bisa gending-gending jawa utawane "musik-musik" sing wis disiapaken nganggo sewijining alat musik sing biasa kanggo orgen tunggal-an.

Tetabuhan seliyane gamelan. Tetabuhan seliyane gamelan bisa awujud drum (bedug) lan "alat musik kontemporer" sing bisa ngetokena/nyuwarakena manekawarna swara kayadene jemlegere bledheg, prat-prete trompet, dhar-dhore tembakan bedhil, lan liya-liyane. Tetabuhan-tetabuhan kiye dienggo supaya adegan-adegan sing kagelar dening sang dhalang lewih katon lan krasa memper nyatane. Pagelaran sing nganggo kaya kiye mesthi maen lan ramene.

Tata pencahayaan. Jaman ganu adegan swasana wanci ratri neng sejeroning keputren tetep katon padhang mergane sunare blencong ora bisa diatur kanti gampang. Sekiye kanggo nggambaraken swasana sepi samun lan tintrim aneng Pasetran Gandamayit papan dununge Durga Bethari sing jere wingit kepati-pati akeh jim setan brekasakan lan dhemite, paraga-paraga sing nyata cukat trengginas wis sumadya tanggap maring kersane sang dhalang anggone mbangun swasana. Ora mokal dene sing nonton kelakon gumun lan betah nggulih nggelar klasa sinambi themal-themil nempliki jagung bakar. Lewih-lewih koh mbanjur nyruput kopi anget ireng buthek sinambi udud nglinthing klepas-klepus. Esuk wayahe bubar banjur bali labas turu ora wani adus.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun