Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

[Rerasan Banyumasan] Bujel Ora Lumrah

5 September 2011   15:31 Diperbarui: 26 Juni 2015   02:13 403
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Bujel ora lumrah. Ndeyan Bujel bener, ning semumpamane benere anaha Bujel nganggo cara sing ora lumrah. Kayangapa rasane pendhane inyong dadi wongatuwane si Bujel. Neng kene dudu mung plekara bener lan ora bener, ningen uga ana gandheng cenenge karo duga lan dirgama. Mangsude, patute tolih si Bujel anggone "unjuk rasa" kuwe ya nganggo cara sing gampang detampa tur ya gampang delakoni, ningen uga ngregani aring "bener"e liyan.

Awit inyong bocah nganti semene kaplake, pancen sing arane badahan kuwe ya ora pisah karo sandingan panganan enak lan sandangan anyar. Senajan inyong ora wani ngaku dadi anake wong sing sugih mbanduara, ningen jamane semana angger mapag dina bada biyunge inyong ya mesthi gisus neng pedangan. Mulai sekang mlecehi kacang sing agep de goreng klonyom, nggorengi rempeyek kedele, monine baen tolih ceas-ceos kaya kuwe. Mbekayune, anake uwane sing manggon neng wetan umah, awan-awan tangane wis kuwal-kuwel gaweni kupat. Lawuhe kupat? Dudu opor ayam, sing sering lan umume neng desane inyong tolih iwak melem utawane menjaer. Angger kanggone wong sing jere kopama ya tuku iwak grameh utawane lele jawa (jaman semana urung mangsan lele dumbo). Nggulih nggoreng ya pada baen, monine ceas-ceos kaya kae. Pokoke angger malem badahan, seliyane rame swarane wong takbiran neng sompoke tajug lan langgar (urung ana mesjid gedhe), meh saben umah anane mung mambu lan krung wong agi gorengi.

Klambi anyar? Senajan penguripane wong-wong desane inyong ora kena darani sarwa kecukupan, ningen ngepasi dina bada mesthi ya pada nganggo sandangan anyar. Rega tah mawia takon, aja mirang-mirangena, sing genah pancen anyar. Plekara utang apa kontan ya kuwe mau, mawia derempug mbokan dadi gawe gela lan isin aring sing agi nandang tur nglakoni. Mengko tolih ketemu nalare lan genahe kenangapa pada nyandang bagus tur ya anyar pisan.

Lah, sih apa badahan kudu nganggo klambi anyar karo mangan enak gurih nylekamin?

Ora-orane inyong agep ngudal-udal maknane bada, apamaning sengaja niat ngadul-adul hikmah lan sucine idul fitri. Ora, mergane inyong ngrumangsani ora duwe sangu babing ngelmu agama. Mulane inyong wani ngarani Bujel kuwe (ndeyan) bener ningen ora lumrah. Merga inyong nganggo dalam kurung "ndeyan", bener-e Bujel inyong dhewek ya ora wani njlentrehena kepriwe-kepriwene, wong anu "ndeyan" sih, dadi ya bisa uga jan-jane Bujel ya ora bener. Tapi nggo nggampangna ukara ngepenekena wong kandhah, wis anggep baen Bujel bener. Ning ora lumrah. Ora lumrahe?

Sepisan, Bujel ora gelem tur ya ora setuju aring bab mangan enak neng dina bada. Apamaning kanggone bapa-biyunge sing ujare kelebu wong sing uripe kesrakat, wong-wong sing sugiha ya dewawas ora patut mangan enak neng dina bada. Nganggo pawadan jere dina bada dina kemenangan ngalahna hawa nepsu lan kekareman, Bujel kaya-kaya kepengin kabeh wong kur gari nerusena urip apa anane, mangan senemune, sing ana ya kena, sing ora ana ora susah tur ya aja ngati deana-anakena. Pinemu kuwe bener, wis mesti bener. Ningen Bujel ngreti siji ora ngreti loro, apamaning telu papat. Dadi kelalen aring plekara liyane.

Dina bada ora kur plekara teges bali aring fitrahe sing suci thok, ning uga wis dadi adat lan tradisi nggulih sukur begja aring sing kuwasa kuwe ana swasana mangan enak lan ngepenakena awak. Jajal kaya ngapa penlangsane ngawak angger liyane --tanggane kiwa tengen-- pada mangan enak koh dhewek-dhewek trima mangan upa rong mata tur lawuhe kur jangan kangkung, sambel lan paling-paling gorengan iwak benter olihe wingi mancing? Kanggone wong sing kandel rasa iman lan syukure, kayane (ndeyan sotenen) megin deplok kanti lega-lega baen. Wong anane kuwe agep kepriwen maning. Tapi apa iya? Sing arane nlangsa kuwe dudu ora nrima. Nrima anana ya megin bisa nuwuhaken rasa nlangsa. Nlangsa kelara-lara, sengsaya ndadra. Mbangkanen wong nlangsa kuwe gedhe cilike gampang oreg atine. Oreg kemutan aring nasibe liyane, oreg kemutan kanca batire sing pada nemu begya, oreg kemutan jere kabeh-kabeh wis pada ora kemutan aring sing agi nlangsa. Senajan ana kalane wong nlangsa bisa uga dadi sadar lan waspada aring samubarange, ningen akeh-akehe wong nlangsa malah dadi gampang duwe penyakrabawa sing ora-ora aring liyan.

Mulane dina bada ana sandingan panganan enak tolih supaya si awak krasa kepenak, tur maning ya senajan kere cere menthe mesthi agep ngendhong lan diendhongi. Lah angger diendhongi dayoh koh onana apapa sing patut detawakena tolih ya nden kayangapa isine. Senajan awak rumangsa urip kesrakat, wani totohan kayane ya tetep duwe rasa kepengin katon sembada nggulih ketekan dayoh ning dina bada. Plekara dina-dina liyane tah ora prelu dekandhah ya kader kabeh ya wis pada genah ikih. Dadi Bujel nganti kewanen nyuntek opor ayam kuwe jan genah ora mlekara petha. Seliyane mbuwang pangan sing wis gari mangan, Bujel mung gelem ngarah "bener"e dhewek.

Kepindho, Bujel ora seneng lan ora gelem nganggo klambi anyar, malahan njaluk klambi anyar sing wis dienggo kuwe debalekena aring toko sing adol. Ora lumrah temenan.

Awit kuna mekuna, jere angger dina bada nganggoa sandangan sing paling apik lan resik. Cara gampange wong nggulih nglakoni ya kaya kuwe, nganggo sandangan anyar, genah apik tur ya mesthi megin resik. Anyar tolih ora kudu sing larang, genah akeh sing murah, apamaning sing murahan. Plekara model agep sing kaya ngapa tah bodowa, sing ptning wangun, patut, sembada karo nutup aurat.

Bujel ngreti lor ora ngreti kidul. Ujare Bujel tolih deanggep klambenan anyar kuwe mung andon mubah-mubahan wong genah uripe wong seumah baen mung kena darani pas-pasan: pas olih rejeki dina Senen, pas gedug Kemis wis kudu sambat ngetan ngulon nggoleti utangan. Enggane iyaha uripe pas-pasan, iloken si bapa-biyunge Bujel wong ora duwe etang-etung? Senajan kere kaya ngapaha, sing dadi bapa-biyunge Bujel mesthine nden duwe iguh pratikel sing ora kurang-kurang nggo nglakoni nggo nyembadani uripe wong seumah. Wanine tukoni klambi anyar senajan sangu utangan tolih nden wis dekarang kepriwe ngesuk ngembene nggulih nggolet rejeki nggo nyaur. Dadinen ana sing ngutangi tolih kena darani wong tuane Bujel megin deanggep mampu nglunasi utange. Lah wong sing ngutangi tolih nden ora bodho nemen-nemen ngutangi. Wanine ngutangi ya brarti wis ngreti kahanane sing utang. Ora bakal wong sing angel nyaure koh deutangi.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun