Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu...

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Mrekungkung

26 November 2012   03:40 Diperbarui: 24 Juni 2015   20:40 1710 9 7 Mohon Tunggu...

MREKUNGKUNG

Cerkak dening Ki Ali

Apit anyaran, wengi.

NEGINE lawang kaya debanting, gawe ngrajug sing agi nonton tipi. Tar tanggap lan gagian aring pedangan. Wis dadi lagune, angger agi jengkel Sadeli kudu nyandhing kopi.

“Rosa temen banene. Deneng sedhela temen dhayohe?”, Tar njagong neng sandhinge sing lanang. Wedang beninge kaki dhayoh sing megin wutuh ora gagian detingkesi.

“Belih temen. Ngendhong gawe bombong ora, wani kesuwen neng kene tek urak lah kanjat.”

“Deneng, sih? Ora lumrah temen nguraki dhayoh.”

“Urung ngasi tek urak wonge wis merad. Krasa inyong jengkel ndeyan. Jlajate wong kaya inyong koh detari kon ngridit motor.”

Tar mangsud. Dhayoh miki kuwe sales motor kriditan. Arane Pak Sadira, mbuh wong ngendi ora ana sing ngreti. Sepet kuwe wong teka, mipil akeh wong desa sing padha motoran. Jere prosese gampang tur uang mukane ora kegedhen. Cicilane ya gari milih, sing telung taun ana, patang taun ya malah lewih entheng senajan lewih suwe. Senajan kriditan, ora ana sing padha isin nggulih nunggang. Jere utang anaha sing penting duwe. Ora kongang kontan ya njikot sing kriditan.

“Ora gelem tolih gari ngomong, koh. Mawia jengkel mbantingi lawang.”

“Ora jengkel kepriwe? Apa ngkana micek ora deleng? Bakul citan kasile sepira? Mung cukup nggo cagak urip saben dina. Kuwe baen megin ketulung desambi nyawah sepadon warisan sekang wong tuwa. Lah, ngridit motor sih agep nyicil nganggo apa?”

“Ndeyan deneng wong liya padha teyeng unggal wulane, dekirane rika ya nden padha baen.”

“Unggal wulan? Sewulan rong wulan ndeyan megin kongang senajan mbuh kepriwe carane. Ningen telung taun? Patang taun? Saben wulan runyab ndhase mikirna setoran. Angger wis perek tanggale koh urung nyekel dhuwit, agep njaluk tulung sapa? Agep njlomprongna inyong kon ngrasakna panase wulan kuwe Sadira. Iya, mbok?”

Tar ngreti angger debatiri Sadeli bakal suwe mandhege. Ora dadi marine malah sengsaya imbuh jengkele. Ngreok wedange dhayoh, Tar maring mburi. Sadeli dejorna dhewekan kon ngadhemna ati, mbari udud lan nyruput kopi.

***

Aji tuwa, sedurunge wengi.

Citan lebragan kuwe gari ngenteni deentun sewengi. Ngesuk watara jam papatan nembe deirisi dening Sadeli, debatiri Tar sing gorengi. Rampung gorengi Tar kudu gipyak mlaku aring pasar desa. Citan pancen enake angger megin anget, angger wis adhem rasane kiyal-kiyel marakna untu kesel.

Seperangan citan debungkus plastik cilik-cilik, nyediani bakul-bakul langganane. Lewihane degawa mider, tawa maring anane wong sepasar. Sing uwis-uwis kabeh payu. Turaha ya ora akeh, ora ngasi kearan bobor. Ngijrah aja ngasi bobor, Sadeli nggulih gawe citan ora akeh-akeh, mung rong tampah.

Sadeli ngreti, wong desane wis ora akeh maning sing doyan citan. Maju dina kepayuane maju suda, keseser dening panganan anyar sing lewih mengini. Senajan lewih larang, nyatane bocah sekiye lewih seneng aring roti apa dene kentaki. Mbok menawa pancen jaman lan kedoyanane wong wis padha ganti. Ganu citan sekiye kentaki.

“Apa agep kaya kiye selawase?”

Api-api nyawang citan, sing detakoni meneng baen. Tumrape Sadeli pitakonan kuwe ora kudu desemauri. Sapa wonge sing kepengin rekasa selawase?  Kabeh ya kepengin kepenak uripe, teyeng tukoni apa-apa kaya lumrahe wong-wong sing padha nututi majuning jaman. Ngasi padha debelani pahal mbuh apa sing ora. Malah akeh sing detilalahi ninggalna kulawarga, buara aring Jakarta.

“Apa salahe sih kaya wong liya? Sekiye jaman kemajuan, kabeh padha sepeda motoran. Lah, dhewek? Lunga kondangan enggane kudu engklek sedoh-dohan. Apa ora kepengin sih rika kaya batire, boncengan duaan?”

Sadeli kemutan. Sedawane Apit lan Aji sing akeh kondanganan, saben mangkat Tar gunane ngresulah. Sambat jere adoh, kesel, kringeten. Apamaning angger pas deklakson dening tanggane sing padha duaan.

“Lah, kaya bocah nom baen, duaan.”

“Ya ora papa, kadaran duaan karo bojone dhewek ikih. Busanu angger ndelengna inyong dadi kepengin tiron, nain. Mboncenge ngethawet. Rika ora kepengin, sih?”

“Lah, kethawetan koh turut dalan. Ngisin-isina.”

“Hiiihh..ngisin-isina kepriwe? Jajal sih. Kondangan boncengan. Rika bathikan katon gagah. Inyong kudhungan, tangan kiwe nyekeli blik, tangan tengen ngtehawet cekelan rika. Apamaning angger sepisan-pisan dolan bareng aring kota. Kayane jan mesra, yah?”

“Sasahbusah, kewaregen sinetron ko, yah? Ana tembung mesra mbirengan. Emut dhewek wis tuwa. Ora butuh kethawet-kethawetan, ora butuh mesra-mesraan. Sing penting tolih dhewek teyeng nggolet upa nggo nyekek saben dina.”

“Nyekek maningan, depadhakna kaya ula. Genahe rika ora kepengin duwe motor kaya wong liya? Ora melas aring inyong sing kudu engklek maring pasar saben dina?”

“Wis bola-bali tek omongna. Tuku motor nganggo apa?”

“Mol kudu inyong sing mikirna?”

“Jan, kayane koh ngadreng temen ko, yah?”

“Lah, kepriwe sih ujare rika?”

Ora ngenteni desemauri, Tar menyat maring ngarep marani tipi. Sing detinggal keri mung nglegeg nyawang citan mbari ngresulah sejeroning ati.

***

Sapar anyaran, sendhekala.

“Sing sabar, Li. Sepuluh-puluh, mbok menawa wis kudu dadi lakone uripmu.”

Sadeli meneng baen. Pikirane ndadak temlawung aring nalikane Sura anyaran. Dheweke nemoni Pak Mardok sing sawahe jejeran karo dheweke. Wonge nggiglik kesenengen detawani kon tuku sawahe. Kaya wis kudune genti tangan, rempugane rega kepenak pisan. Setu Pon wong loro salaman lan Tar urung ngerti angger dina kuwe Sadeli wis ora duwe sawah maning. Ora ngreti menawa Sadeli sekiye duwe dhuwit jutahan.

Esuke, kaya wong gendhiren, Tar gisus ngelus-elus motor anyar sing nembe teka. Nembeke mandheg mbareng Sadeli blaka.

“Celeh… Ujarku lah ngridit delantarna Pak Sadira. Ora nyawah sih ngemben agep mangan apa?”

“Inyong agep dadi tukang ojeg. Sing penting sekiye ko wis keturutan duwe motor, mbok? Jere kepengin ngethawet duaan?”

Tar mangsud karepe Sadeli. Tenimbang kudu mikirna cicilan unggal wulan pancen lewih kepenak sisan tuku kontan. Tur regane ya dadi ora larang pisan. Senajan ngungun, Tar ora wani mbukaki maning prekara sawah. Dina sebanjure, wis ora ana maning Tar sing uput-uput engklek aring pasar. Anane Tar sing tunggu umah, ngenteni Sadeli bali nggawa rejeki nggo demamah.

Wong urip kuwe ora selawase seger kewarasan. Dhur-dhuran panas udan motoran, Sadeli mriang pileg merga masuk angin. Kulina ora aring dokteran, Sadeli milih nguntal obat warungan. Pirang-pirang dina Sadeli ngedheng mancali sarung nggo kemulan.

Sekalane Sadeli lara, Tar ajar nunggang sepeda motor. Gendhiren merga senenge, telung dinane Tar motoran ngasi kidul desa. Jere kepengin nukokna bakso nggo Sadeli sing agi lara.

Neng warung bakso, ndilalah ana Pak Sadira agi kandhahan karo batire. Ora let suwe batire lunga ninggalna Pak Sadira. Weruh Tar motoran dhewekan, Pak Sadira ngalemi.

“Wah, mpun pinter motoran, nggih? Deneng mboten mundhut kalih kula?”

Tar mung mesem thok, rumangsa ora kepenak. Ganu, ya dheweke kuwe sing ngundang Pak Sadira kon nawani Sadeli kridit motor. Ningen detampa jengkel dening Sadeli, ngasi Pak Sadira merad kamiweden. Mbareng sida tuku malah ora aring Pak Sadira.

“Mbak Tar, kula ndherek ngampil motore sekedhap, nggih? Niku wau motere kula malah debekta kanca. Caket ikih mriku kilen, ajenge tumbas pulsa. Njenengan ngrantos sekedhap wonten mriki, nggih?”

Nggo tamba ora kepenak, Tar ngelosna motore desilih. Mbari mangan bakso, dheweke ngenteni.

Jere sedhela sing dienteni ngasi tengari ora teka-teka. Atine Tar labuh trataban. Agep bali ora wani mbok detakoni Sadeli. Ngasi rep sendhekala, motor lan Pak Sadira tutug ora teka.

Tar dadi rubungan. Mingseg-mingseg sewise nangis tawang-tawang turut dalan. Sadeli sing dewaduli mung nglegeg. Ora teyeng ngucap apa-apa. Neng pikirane katon pirang-pirang pating besasat. Motore, Tar, Pak Sadira, sawah. Sing keri kuwe malah kaya katon ngegla.

Ijig-ijig Sadeli kemleyeng ndhase, awake krasa atis. Munggah amben Sadeli krodhong sarung. Mrekungkung.[]

___

*kepacak neng Harian Pagi SatelitPost edisi Minggu Pon, 25 Nopember 2012.

VIDEO PILIHAN
KONTEN MENARIK LAINNYA
x