Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Dudu Cerkak Banyumasan] Penyungging Kunjana

4 Juni 2012   17:01 Diperbarui: 25 Juni 2015   04:24 669
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

[Dudu Cerkak Banyumasan] Penyungging Kunjana*

Dening Ki Ali Jawa Ngapak

Wayahe wis parak esuk nalikane wong sing mlaku alon kuwe gedug neng ngarepe Pasar Daksina sing wis mipil rame. Nylimur neng sejeroning gisuse wong-wong sing mlebu-metu pasar, sekleraban dheweke katon ora ana bedane karo pawongan liyane. Sewise mandheg sedhela, dheweke ngenggokna mlakune aring dharikane wit-wit sonokeling neng sisih wetan pasar. Ana pawongan sing wis ngenteni.

“Sliramu kasep, Sungging. Paran jejibahanmu?” Pawongan sing ngenteni kuwe mapag karo pitakonan. Pawongan sing urung pati tuwa kuwe nganggo sandhangan pandita.

“Punapa kedah kula wangsuli, Paman? Kula sampun dugi mriki.” Wong sing diceluk Sungging kuwe malah males takon.

“Haha…sliramu ngreti apa kang dak butuhake, Sungging. Lungguha. Aku dak ngrungokake.”

Kluruk ayam wis mipil keprungu lan godhong-godhong sonokeling katon pating kreleb ketiban sorote srengenge sing mrucut sekang lamuk abang semu kuning sing ngebeki langit wetan. Wong sing deceluk Sungging kuwe manut lan njagong njejeri pawongan sing desebut Paman. Dheweke mbukaki crita.

***

Kula boten nate nggliga ajeng wonten dalu sing kados dalu niki. Dalu ingkang kula lampahi kanthi laku durjana, dados maling! Nanging sanes niku ingkang kula ngunguni. Ingkang kula ngunguni inggih kawiyakipun wewadi dene tedhak turunipun Penyungging Kunjana niku taksih wonten lan sakpunika sampun timbul wontening jagading ulah kanuragan.

Lumebet dateng keraton Majapahit minangka maling mesthi kemawon nuwuhaken raos deg-degan. Boten amargi kula ajrih kamanungsan punapa malih kacepeng dados bandan. Boten kula kumalungkung, nanging prajurit-prajurit jagi sing sumebar saklebeting keraton yektos boten badhe kuwawa ndulu lan mirengaken cukat trengginas kumlebate kula. Para bhayangkara keraton ingkang mesthine kedah kula petung, kados panci temen-temen anggennya gisus ngupadi lan mbujeng playune prajurit Pakuan Sunda ingkang lolos saking tegal Bubat. Andika kedah paring seserapan mangke, Paman, sesampunipun rombongan Pakuan Sunda kabesmi, pedah punapa prajurit Sunda nika inggih kedah dipun perjaya ugi? Punapa taksih kirang marem?

Kasunyatan dene dalu niki kula nglampahi laku durjana, yektosipun inggih sampun kuwawa nuwuhaken gugup sejeroning batos. Sinaosa mekaten kula netepi dhawuh lan kumlebat saking wuwungan setunggal dugi wuwungan sanese. Manut pitedah saking Paman, kula sampun dugi saknginggile wewangunan gedhong pusaka nalikane wengi mapag lingsir. Leres, punika wekdalipun bregada prajurit ingkang jagi gedhong pusaka kagantos dening bregada ingkang tembe. Mbarengi upacara keprajuritan ing ngajenge gedhong, kanthi miyak wuwungan sing boten ketiban padhange obor-obor sing wontening latar, kula enggal-enggal mudhun mlebet gedhong pusaka.

Kula age-age. Ngatos-atos lan boten nyuwara kula priksa sedaya ingkang sinimpen wontening gedhong niku. Tan antara dangu, kepanggih sing kula padosi. Selembar gulungankensing sinimpen sejeroning kothak kayu. Kanthi ati sing gugup, gulungankenniku kula pendhet lan kula singidaken wontening bebedan bangkekan. Enggal-enggal kula mlumpat dateng wuwungan. Ing ngandhap swasana taksih kados sederenge. Tinon prajurit-prajurit jagi sami asikeptandya, tanpa deduga menawi gedhong sing dipun jagi kula satroni. Gegancangan kula sigra kumlebat malih, saking wuwungan setunggal dugi wuwungan sanese, njujug medal saking keraton.

Ngindhani penjagen Purawaktra, kula pilih mlumpati pager bata sing dhuwur, radi tebih ing sisih ler gapura wesi punika. Medal saking keraton kula teras mesat saking wit bramastana setunggal dugi wit bramastana sanese, lajeng sumusup ing tengahe padunungane kawula dasih. Kados dhawuhe Paman, kula kedah njujug dateng Pasar Daksina ningen saking kidul pernahe. Niku atages kula kedah ngliwati padunungan lan lumebet sajeroning wana sakwingkingipun lajeng menggok mangiwa njujug kidul pernahe saking Pasar Daksina.

Namung dereng mawon kula medal saking aben cukit tepung taritisipun umah-umah padunungane kawula, saking katebihan tinon wonten setunggaling prangtandhing. Kula nyaketi lan krenteging manah namung kepengin sumerap sinten ta ingkang sami bandayudha. Saking sorot padhange obor-obor ing umahe para kawula, kula tingali wonten setunggaling pawestri ingkang saweg kaseser lan kesayahan ngadhepi kridhaning lawan ingkang sanyata pria. Boten tebih saking palagan wonten setunggal gaman arupi golok nggletak ing lemah. Lan dupi sampun radi caket saking palagan, kula sumerap menawi pawongan pria punika ngagem busana nutupi badan lan wonten sulaman arupi gambar Garuda njembreng elar ing jajanipun kiwa. Bhayangkara Biru! Lan sekleraban ketingal ugi jenggotipun ingkang kasar. Bhagawan Buriswara!

Lah, punika. Nalika semanten ketingal Bhagawan Buriswara sampun kuwawa meksa mengsahira. Sukunipun nrajang kanthi tendhangan ingkang silih gumanti sesarengan kaliyan kridhaning asta kekalih, epek-epekanipun nyamber-nyamber ngalap lenaning mengsah. Estu mantep lan kebak kakiyatan solahira. Banter sanget, sakelangkung banter sanget. Saking semribide angin ingkang mijil saking palagan, saged kula duga menawi samberan-samberan ingkang linambaran aji jaya kawijayan punika saestu ndrawasi lan badhe nuwuhaken bilahi menawi saged nrajang badan pawestri mengsahira.

Pawestri mengsahira, ingkang sakleraban ketingal tuhu wanita endah sulistya kanthi janggut ingkangnyanin, katon gisus lan namung saged endha lan nangkis. Mripatipun katon mencorong ing semu getun lang ngungun, senajan saged kula pirengaken piyambakipun ngresulah lirih saking lathinya ingkang tipis. Menawi samparanipun kekalih gisus jumangkah mundur ngendhani tendhangan, tanganipun kekalih ugi boten mandheg anggennya nangkisi samberan-samberaning mengsah ingkang njujug lan ngalap jajanipun. Jaja ingkang blejed! Kados senajan Bhagawan Buriswara ngalap patining mengsah, piyambakipun ugi kepengin dolanan ngumbar sesuka kaliyan kaendahaning jaja pawestri mengsahipun. Epek-epekanipun nyamber-nyember kanthi aji jaya kawijayan, nanging ugi kepengin damel lingsem wirangipun mengsah.

Kula tingali pawestri punika pancen ngelam-lami lan resep ing pandulu. Dhuwuripun sedeng, pawakan weweg nawon kemit bangkekanipun. Peraupane nyata sulistya, kanthi janggut nyanin, langkung-langkung payudaranipuningkang alit, yektosipun inggih boten kaliten, mlungker-mlungker ing jajanipun. Mbok menawi amargi ukuranipun ingkang pas lan teguh sentosa mapan ing panggonane, payudara punika boten nyrimpedi utawi ngangel-angeli anggenira umangsah yudha.

Nanging payudara punika sakmangke malah dipun incer dening samberan astane Bhagawan Buriswara. Lan sakindhenging Majapahit ngretos bilih Bhagawan Buriswara punika tetuwane Bhayangkara Biru, dados mesthi langkung surasekti katimbang andahanipun. Wani nangtang Bhagawan Buriswara sami kaliyan pados marganing sirna.

Tundhane kedadosan. Ngangge jurus ingkang ngemu apus-apus, ngediraken prigel lan kebate, kekalih epek-epekanipun Bhagawan Buriswara nyamber lan ngenani sing dialap.

“Plak! Plak! Plak! Plak!” saben payudara kenging samberan kaping kalih.

Kekalihe samberan niku sesarengan njujug dateng sisih lebet, dados nalikane sampun ngenani payudara sing setunggal, epek-epekan niku teras nyamber payudara jejeripun. Lan sinten kemawon ugi ngretos bilih payudara punika salah sewijining wewadi utawi pengapesan tumraping tiyang estri, kesenggol kemawon saged marakaken njimprake sing ngawaki punapamalih dene ketiban samberan epek-epekane Bhagawan Buriswara ingkang linambaran aji jaya kawijayan. Tertamtu tan kena kinaya ngapa sakitira.

Namung swanten “Ugh!” ingkang mrucut saking lathine pawestri niku. Boten ngantos sakedheping mripat, piyambakipun glayaran mundur lajeng ambruk, njrebabah wonten ing lemah.

Bhagawan Buriswara boten nerasaken tandangipun. Kadose mengsahe kantaka madya sirna. Tetuwane Bhayangkara Biru niku malah jumangkah lan mendhet gaman wujud golok sing nggletak boten tebih saking badan mengsahira. Ketubruk padhange obor, golok niku katon pating kreleb. Mbalik madhep mengsahe sing boten obah boten ngalisik niku, Bhagawan Buriswara ngelus jenggote sinambi nguman-uman kepireng sora. “Kenangapa sira mbalik tingal, Ayu Ningrum? Sira wus ngreti yen ta ganjarane wong kang khianat ora ana liya kejaba pati. Ngelingi sing wis kawuri, ya wis dak sampurnaaken patimu. Gamanmu priyangga sing bakal nglarapake sira njujug menyang yomani!”

Kula ngrajug mireng nami niku. Ayu Ningrum! Ayu Ningrum rak inggih golongane Bhayangkara Biru? Kenging punapa piyambake boten ngangge busana kanthi sulaman gambar Garudha kados Bhayangkara Biru sanese? Lan kenging punapa Bhagawan Buriswara ndakwa piyambake sampun mbalik tingal saking Bhayangkara Biru? Naning kula boten kober mengalih punapa ingkang sayektosipun. Wekdal sakmangke, ketingal Bhagawan Buriswara sampun jumangkah nyaketi pawestri sing sinebat Ayu Ningrum lan gaman ing astane kumlawe ngalap sirnane mengsah. Saknalika ugi kula sampun ngretos punapa ingkang kedah kula tindakaken.

Kula gemujeng alon lan sengaja swanten nggujenge kula ambra-ambra ngawang ngubengi palagan. Lan kadose niku saged merbawani swasana. Kagyat mireng wonten swanten gemujeng sing ngawang mangambra-ambra, Bhagawan Buriswara kandheg lan madosi sumbering swanten. Nanging yektos niku sia-sia tanpa guna. Ngelmu mindahaken swanten niku sampun limrah aneng jagade olah kanuragan lan jaya kawijayan, kepara Bhagawan Buriswara mbok menawi ugi kagungan ngelmu punika. Nanging ingkang kula betahaken pancen namung kagyat lan nyuda kawaspadane sang Bhagawan Buriswara. Niku sampun cekap kangge kula sing badhe tumindak ing sakedheping mripat. Estu namung sakedheping mripat.

Kula lumarap kumlebat kebat sanget, estu kebat ngungkuli kebate epek-epekanipun Bhagawan Buriswara anggennya nyamber payudarane mengsah kalawau. Saking kebate sahingga ingkang ketingal dening Bhagawan Buriswara punika wewayangan cacah sanga ingkang lumarap njujug lan nrajang piyambakipun. Kalih wewayangan saking ngajeng-wingking-kiwa-tengen, lan setunggal saking inggil nrajang mbun-mbunanipun. Namung sekedheping mripat. Lan kedhep selajengipun kula sampun sumusup ing wana sakwingkinge padunungan para dasih, kanthi manggul pawestri Ayu Ningrum lan tangan tengen nyepeng gaman golok sing kula rebut saking astane Bhagawan Buriswara. Lan kangge namur laku, kula bombong Bhagawan Buriswara kanthi ajeg gemujeng sinambi menggak-menggok muter-muter sajeroning wana. Gegodhongan lan suketan sing bosah-baseh pating besasah niku mesthine ndadosaken Bhagawan Buriswara kemeng ing manah. Menawi taksih wantun mbujeng, kula wantun nduga menawi Bhagawan Buriswara badhe rowas-rawes murina awit boten saged ngarani pundi paran plajar kumlebate kula.

***

Dalan ngarepe Pasar Daksina kuwe wis sengsaya rame dening wong sing mlebu metu. Lamat-lamat langit wetan mipil padhang. Pawongan sing sinebut Paman kuwe ndandani penganggo sing nylendhok neng pundhake. Kawetu pangendikane alon.

“Buriswara kae pancen ora bakal kuwawa ngadhepi kridhamu. Sakngretiku, sing setimbang klawan tedhak turune Penyungging Kunjana amung Mahapatih Gajah Mada priyangga, minangka pewarise Penjagen Gunung Kampud. Mung baen tedhak pitu turun wolu, Penyungging Kunjana lan Penjagen Gunung Kampud sekarone wus kajanji dening leluhurira kabeh duk ing uni yen ta ora bakal ayun-ayunan umangsah yudha. Lah sira, Sungging. Yekti sira ngadhepi dwi prekara kang bakal agawe susah, senajan pancen kekarone sira pribadi ingkang anjalari. Sepisan, ing ngarep sira matur menawa wewadi taksih anane tedhak turune Penyungging Kunjana wis kawiyak. Sira tumindak apa kang anjalari wewadi kuwi kawiyak?”

Wong sing deceluk Sungging ing semu katon mesem. “Kula ngulasakan langes ing pipi kiwanipun Bhagawan Buriswara. Gambar babi.”

“Hmm. Pancen amung Penyungging Kunjana ingkang kuwawa ngoret-oret pasuryane mengsah. Banjur sing keloro, ana ngendi saiki Ayu Ningrum?”

“Wonten wisma andika Paman. Nyuwun tulung, keparenga kula ngramut lan ngrumat panandange Ayu Ningrum. Kula ndhawahaken melas dateng piyambakipun.”

“Sira pancen seneng njujugi reribed. Naning, ya wis. Dak anggep kuwi minangka ganjaranmu sewise ngayahi jejibahan abot manut aring Pamanmu iki. Barange aneng endi?”

“Ampun kuwatos, Paman. Sampun kula singidaken primpen kados dhawuhe Paman. Nanging mangke, Paman. Kados ingkang kula suwun ing ngajeng, kula nyuwun seserepan kenging punapa prajurit Sunda ingkang lolos saking Bubat punika inggih kedah dipun bujeng lan mesthine badhe kaprejaya? Punapa taksih kirang marem? Lan malih, pedah punapa Paman ugi dhawuh kula kinen ndhusta sunggingan punika?”

“Haha..penggalihmu kebak pitakonan ya? Ya wis, rungokna critaku!”

***

Ya amarga anane gegambaran Dyah Pitaloka Citraresmi, Sri Baginda Hayam Wuruk Sang Rajasanegara kepilut ing batos lan gandrung klawan Putri Pakuan Sunda kuwi. Panjenengane kersa mboyong Sang Putri minangka garwa prameswari Majapahit. Mung emane, kekarepan lan sedyane Mahapatih Gajah Mada sing kepengin nuswantara nunggal dadi sawiji, yekti wus agawe timbule prastawa Bubat. Sepira duhkitane Sang Prabu. Ora mung amarga datan kasembadan mengku Dyah Pitaloka pepujaning ati minangka garwapadmi, naning uga menggalihaken menawaPasundakuwi bakal gawe oreg lan cidra marang keluhuran sarta kawibawane negara Majapahit ingkang agung.

Narendra kuwi nora patut kelangut dening duhkita. Lan dhampar prameswari kudu enggal den lenggahi amrih kuncaraning praja Majapahit sengsaya jangkep, kepara malah uga ana sambungrapete karo babagan lestarine trah Rajasa anglenggahi dhampar keprabon Majapahit mbesuk ing tembe. Mula kuwi, amrih Sang Prabu nora gampang kelingan lan kelangan endah sulistyne Putri Pakuan Sunda,kensing ana gegambarane Dyah Pitaloka Citraresmi kuwi kudu ora ana maneh aneng sajeroning gedhong pusaka keraton Majapahit. Kanthi ilangekenkuwi, mengko-mengkone bakal dak upayaake timbul panduga menawa Para Dewa pancen ora ngersaake Sang Prabu kagungan garwa prameswari Dyah Pitaloka Citraresmi. Sapa ta kang yekti dadi jatukramane Sang Prabu mengko, mesthine brayat agung keraton kang bakal mengalihaken.

Kanggo ngilangakenkenmawa gegambaran kuwi, siji-sijine cara ya amung ndhustakenkuwi. Lan ngelingi sepira rapete penjagen aneng keraton, mula dak kira wong sing saguh lan kuwawa ndhusta ken kuwi ora liya ya mung sliramu, Sungging Prabangkara, wong sing gawe sunggingan kuwi. Pamanmu iki precaya, tedhak turune Penyungging Kunjana kudune nora kangelan ngayahi jejibahan iki. Lan nyatane, sira temah sembada.

Saiki ngenani prajurit Sunda sing lolos kuwi. Dheweka pancen kudu disirnaaken, diprejaya mati. Pancen mesthine Bhayangkara Biru bakalan ngupadi playune prajurit kuwi nganti pinanggih lan nedya mrejaya pati, nanging Pamanmu iki ngreti menawa ana sawenehing golongan sing asung pambiyantu lan anjalari prajurit kuwi dadi lan lolose saka Kutharaja. Lan senajan Pamanmu iki nora ngreti sapa ta sing asung pambiyantu kuwi mau, nanging sing sugih kendel lan wani ngadhepi Bhayangkara Biru mesthine ya wong-wong saka jagade ulah kanuragan lan jaya kawijayan. Apa sedyane mbiyantu prajurit kuwi lolos, kanggoku dudu prekara kang wigati. Sing wigati prajurit kuwi nora kena slamet sembada lolos tumekeng Pakuan Sunda. Prajurit kuwi kudu sirna, mati!

Mbok menawa sliramu gumun, pedah apa Pamanmu iki ngarepaken sing kaya mangkono kuwi. Kabeh kuwi mung sederma kanggo agung kuncaraning praja Majapahit. Pakuan Sunda nora kena nguningani prastawa Bubat saka atur palapurane prajurite. Sedya luhure Mahapatih Gajah Mada mbok menawa pancen wus dilakokake kanthi salah dening para andahane, luwih-luwih Bhayangkara Biru kuwi. Nanging kaluhuran lan agung kuncarane Majapahit kudu tetep dijaga lan disengkuyung. Pamanmu iki mengko bakal ngupadi mbuh carane, nyuwun aring ngarsanira Sang Prabu supaya ngirim duta myang Pakuan Sunda minangka utusan resmi kanggo asung pawarta ananePasundamesisan mratelaaken menawa praja Majapahit temen-temen nandang duhkita lan prihatin anane prastawa ing Bubat.

Nanging kuwi kudu dibarengi kanthi sirnane prajurit Sunda minangka seksi anane prastawa kuwi. Paseksene prajurit Sunda kuwi bakal gawe angel tumrape rekadaya paseduluran sing mengkone diupayaaken dening Majapahit. Sira wus ngreteni dene aneng prastawa Bubat kuwi tandang gawene Bhayangkara Biru temen-temen wus gawe wirang lan lingsem kaluhurane praja Majapahit. Senajan iki mengkone katon kaya mbelani lupute Bhayangkara Biru, nanging njaga agung kuncarane lan kaluhuran praja Majapahit luwih dening wigati ketimbang prekara Bhayangkara Biru. Bhayangkara Biru bakal nemu ganjarane mengko yen ta wis titi wanci surud suda pamore Mahapatih Gajah Mada awit timbule prastawa Bubat kuwi.

Lan kanggo mesthekake sirnane prajurit Sunda kuwi, amung siji wong sing bisa dak percaya saguh mungkasi. Sira!

***

Sungging Prabangkara meneng suwe. Nyawang langit kulon, dheweke kelingan wis tau ngumbara ngulon pernahe sawetara taun kepungkur. Melu jejer juru sungging aneng rombongan duta paseduluran saka Majapahit myang Pakuan Sunda, dheweke lan kabeh juru sungging rowange kanthi sesidheman nggambar dalan-dalan, beteng-beteng, keraton, pasar, uga gunung-gunung sealas-alase, bengawan-bengawan, pesabinan, pertapan-eprtapan lan papan-papan pamujan. Kabeh. Kawitane ngliwati sukuning gunung Indrakila, rombongan utusan kuwi sengaja lumaku alon ingajap dheweke lan juru sungging liyane kober namatna kahanane alam lan nggawe sunggingan sandi minangka pituduh ing mbesuk tembe semangsa Majapahit nedya ngrabasa Pakuan Sunda, menawa tlatah Jawa Kulon kuwi nora gelem ngakoni lan nyawiji marang agung kuncarane Majapahit ngratoni sakindhenging Nuswantara.

Nalikane rombongan utusan kuwi tumekeng Pakuan Sunda, keraton Pakuan Sunda sekawulane asung pakurmatan lan nampa rawuhe tetamune kanthi grapyak semanak lan sobat pasugatan ingkang murwat. Sewulan lawase rombongane dadi tamu lan dedunung aneng kana. Awit dheweke kuwi juru sungging, dheweke kober tetepungan lan memitran karo para wasis seni lan susastra aneng Kutharaja Pakuan itu. Lan pranyata, Putri Pakuan Sunda Sang Ayu Dyah Pitaloka pribadi tuhu wanita kang putus ing ulah kridhaning beksan. Begjane awak, dheweke bisa tetepungan karo panjenengane lan uga padha dene ngakoni lan ngajeni aring kaprigelane sowang-sowang. Sang Putri ngajeni prigele Sungging anggenira nyungging, Sungging ngalembana myang kasulistyan lan kaendahan kang timbul saka Sang Putri nalikane ulah beksan.

Lan datan denuningani dening Sang Putri, saben Sang Putri mbeksa, deneling-eling pengawakan lan solah bawane Sang Putri. Sekabehane. Sukune sing cilik lan katon ringkih nalikane lumaksana. Driji alit-alit saka asta kang lemes luwes ngembati mobah mosike raga kang weweg senajan singset, raga sing katon gilang-gilang nalikane kesorot padhange obor. Pasuryan pindha wulan ndadari, sakngisore alis kang ireng kandel kuwe ana soca sing ndamar kanginan ananging tajem yen ngulati. Grana mbangir sendhuwure lathi nggula satemplik sing nora kendat anggenira mesem. Mustakane rinengga ing makutha saking mas, lan saking makutha kuwi mijil rikma irengmenges alus dhawah ngliwati midhangan, tinon saking wuri katon nutupi janggane kang mangulan-ulan.  Janggane nganggo sangsangan mas rinonce sesotya endah, panjang mangisor lan ing jajane rineka gegelangan angubengi payudara sing mengker-mengker nyengkir gadhing sakembaran. Menawa ngepasi mbeksa, karana sinaput padhange obor, payudara kuwi katon banget manjila ing warna.

Kabeh dinulu lan kabeh deneling-eling. Sebaline aneng Majapahit dheweke nggawe lan nyungging gegambarane Sang Putri aneng salembarekenlan banjur den aturaken aring tetuwane juru sungging minangka pisungsung tanda setyabhekti ring Sang Prabu. Sunggingan yasane tedhak turune Penyungging Kunjana pancen ngedab-edabi, ora mokal menawa Sang Prabu dadi kepincut satemah gandrung ring Sang Putri. Banjuran duta panglamar dipun utus myang Pakuan Sunda, ketampi nanging wusanane den pungkasi kanthi ngedadian prastawa Bubat. Lan kabeh mau kawiwitan saka sunggingane dheweke!

Sungging Prabangkara ambekan landhung. Wus den antepi sejeroning nala apa kang dadi dhawuhe sang Paman.

“Inggih, kula sendika dhawuh. Kangge agung kuncara lan kaluhurane Majapahit. Nanging Ayu Ningrum kados pundi mangkenipun?”

Sang Paman kuwi nuli menyat lan ngebut-ngebutaken penganggone, sedurunge ngendika. “Tentremna atimu, aja dadi was sumelangmu. Apa sliramu nora kelingan menawa Pamanmu iki senajan ta luwih sengsem myang susastra, ananging uga darbe pangreten ngenani ulah kanuragan lan jaya kawijayan apadene ngelmuning jejampi?”

Sungging Prabangkara ngadeg rada ndhingkluk lan keprungu matur aris, “Inggih, maturnuwun dene Paman Prapanca sampun kersa kula titipi Ayu Ningrum. Kula nyuwun pangestu bidhal sakniki ugi. Jaya Wijaya Wijayanti.”

Srengenge wis katon padhang nalikane wong loro kuwi pepisahan.[]

____

*cerkak kiye mujudaken sulihbasa bebas sekang "naskah cerpen berbahasa Indonesia" sing judule "Demi Majapahit Yang Agung" anggitane Ki Ali JN.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun