Mohon tunggu...
Nyi Ismayawati
Nyi Ismayawati Mohon Tunggu... Buruh - Urip sakmadya

Ngupaya upa

Selanjutnya

Tutup

Humaniora Pilihan

Dadia Endah Kaya Kembang

9 November 2020   12:56 Diperbarui: 9 November 2020   16:36 557
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kaya kembang kang maneka warna wujud lan wernane uga gandane. Ana mawar, ana melati, ana ribang, ana anggrek, ana tunjung, ana kembang kertas, ana sinuwun, ana gleges.

Ana sing abang, ana sing putih, ana sing abang putih, ana kuning, ana ijo, ana biru, uga ana sing telung warna.

Akeh sing arum wangi kaya mawar kan melati. Ana sing basin kaya kembang telekan. Ana sing sengak pait kayata kembang paitan. Ana sing ora ambune babarblas sanajan wujud lan werna tansah gawe tentreming sing nyawang, kayata anggrek, kana, kembang jagung.

Kembang sing maneka warna mau sanajan ta ana sing ora endah kaya pandelenge awake dhewe lan ora nyumebarake ganda arum dudu ateges ora migunani. Sak ala-alane kembang sintrong utawa junggul sing mung thukul ing pinggir sawah bisa dikela kanggo kulupan pecel utawa urap-urap.

Sanajan gandane sengir, kembang kenikir bisa ngundang klanceng sing bisa ngasilake madu.

Sanajan urip thukule ing pinggir kali lan ambune pait, kembang paitan bisa kanggo rabuk nyuburake tegal sawah.

Mula titah apa wae semana uga sapadha-padha aja mung dideleng rupa lan wujude,  apa maneh pinter lan orane. Sanajan rupane ala ora bagus durung mesti bodo. Sanajan bagus durung mesti pinter.

Ana tuladha, Raden Sumantri sing bagus rupane kalah sekti karo Raden Sukrasana adhine sing ala banget rupane. Raden Sukrasana bisa mindah Taman Sriwedari kaya panyuwune Dewi Setyawati, putri Prabu Harjuna Sasrabau.

Mula dadia endah kaya kembang. Nanging dudu dadi kembang lambe. 

Foto sendiri.
Foto sendiri.
Foto sendiri.
Foto sendiri.
Foto sendiri
Foto sendiri
Bahasa Indonesia

Seperti bunga yang beraneka macam warna dan wujud serta aromanya. Ada mawar, melati, kembang sepatu, anggrek, teratai, bougenvil, maupun kembang jagun dan tebu. Ada yang berwarna merah, putih, merah putih, kuning, biru,dan ada pula yang berwarna tiga macam.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun