Udan gede, teka sore kuwe. Mbak gemrobyos temurun laka lerene. Mbanjiri sekabehane. Manjing mana-mene, gawe jagat dadi rame.
Ora neng desa, ora neng kotane. Banjir rata sekabehane, termasuk banjir pada mlebu Hp. Wolak-walik, banjir dadi status, tangga, kanca lan batir akrabe.
Ana sing mreceka, akeh sing pada ngresula. Ana sing cuma bisa donga, muga banjir gagiyan lunga.
Tapi apa daya, banjir kuwe Sing Kuasa. Dudu salah pimpinan, dudu salah penguasa. Tapi takokna bae karo ulahe para menungsa.
Wonge sangsaya pinter, tapi akeh sing keblinger. Dalane banyu ora diurusi, irigasi pada mati, kaline dikotori, mbuang sampahe ora dipikiri
Apa esih pada ngresula??
Imam Chumedi, KBC-28. Kompasianer Brebes