Wis telung minggu bocah-bocah kang sekolah padha sinau ana ing ngomah. Tujuane supaya bisa ngurangi pasien kang kena virus corona.
Para murid mau diparingi ilmu saka guru kelas lewat piranti HP kang dihubungake jaringan internet. Ana kelebihan lan kekurangan sekolah model daringan iki. Wong sepuhe para murid akeh kang sambat amarga pelajaran zaman saiki beda banget karo zaman biyen. Ora kabeh wong sepuh bisa ndhampingi putrane anggone sinau.Â
Penyebabe macem-macem. Salah sawijining penyebab amarga wong sepuh iku mau ora kagungan HP. Zaman modern kaya saiki pancen isa dituruti kabeh menungsa. Ekonomi kang kurang marakake wong-wong ora mentingake HP. Sing penting bisa oleh dhuit kanggo urip saben dinane.
Mulang ing desa mesti ora kaget yen mangerteni wong kang urip prihatin. Mulane guru-guru ing sekolah pinggiran kudu bisa mangerteni lan gawe cara sinau jarak jauh kang paling pas.
Guru-guru tetep komunikasi karo POT---Paguyuban Orang Tua--- sepuhe murid lewat WAG. Banjur piye komunikasi karo wong sepuh kang ora kagungan HP?
Tugas daktitipake karo wong sepuhe bocah sing daleme cerak karo bocah iku mau. Banjur le numpuk laporan tugas kapan? Yen aku dhewe isih nampa tugas bocah nganti wayahe sekolah efektif maneh. Dadi tugas ditumpuk lan dibijeni ana ing sekolah. Nanging bocah sing wong tuwane kagungan HP, laporan dak tampa saben dina.Â
Jam kerja pancen ora ajeg. Wayah esuk tekan surup, durung ana laporan tugas saka bocah. Malah wayah bakda Maghrib, laporan wiwit disetorake.
Kesel nanging piye maneh. Dadi guru kudu siap kapan wae anggone mulang. Prinsip sing dak cekel, sing penting bocah-bocah padha sinau dhilit ing saben dinane. Kanthi disengkuyung bebarengan karo para wong sepuhe murid, insyaAllah pendhidhikan tetep isa mlaku.
Sing ora kalah penting, kerep weling lan nyuwun biyantune para wong sepuhe murid supaya murid ora padha dolan wae, tetep ana ngomah, sregep anggone wisuh lan njaga karesikan, mbantu ibu bapak ing ngomah. Uga tetep ndonga marang Gusti Allah supaua tansah sehat, ora kena lelara amarga virus corona.