Aku mbukaki akun sosial mediaku. Ing laman akun akeh status kayata foto, dodolan online, kabar sing dibagekake mbuh kabar nyata utawa hoax lan sapanunggalane. Aku nyawangi gambar foto sing padha diunggah lan kewaca ing laman sosial media mau. Nganti tekan akun duwekke kancaku, Erna.
Ing wulan Ramadhan Erna karo garwa lan putrane menyang Lampung. Erna lair ing kono arepo wong sepuhe asli Jawa. Kulawarga Erna melu program transmigrasi.
Dak bukaki akune Erna. Jebule akeh foto Erna saanak bojo sing diunggah ing akun iku. Dak sawang Erna lan kaluwargane ayem tentrem.Â
Erna ora isin ngunggah gambar foto putrane sing duwe kelainan fisik. Penyebab kelainan fisik kuwi jalaran kurang nutrisi nalika putrane isih ana ing rahime Erna.
Erna duwe awak sing rada lemu. Nalika emah- emah lan mbobot awake ora digatekake. Yen wong wadon liyane ngakehi dhaharan sing sehat lan nutrisi sing apik nggo jabang bayi ing rahime, ora mengkono sing dilakoni Erna.
Erna ora kepingin katon lemu arepo lagi mbobot kae. Dheweke dhiet. Aku lan kanca- kanca ora jeleh le ngelingake supaya dheweke ora dhiet. Nagging dheweke ora nggubris omonganku lan kanca- kanca.
" Mbak Erna, mbok yaw is. Aja diteruske olehmu dhiet. Mesakake bayimu", mengkono pangandikane Bu Anjar, guru senior ing sekolahan.
"Kula mboten purun menawi ketara lemo, bu", Erna mangsuli Bu Anjar.
"Lumrah to, mbak yen wong mbobot ki ketara luwih lemu. Normale bobote mundhak 10 tekan 12 kilogram. Normal lho kuwi, mbak.."
Pangandikane guru senior wae ora digubris, apa maneh omongane junior ing sekolah kaya aku lan kanca liyane.
**