Mohon tunggu...
IMAM ARIF S
IMAM ARIF S Mohon Tunggu... Lainnya - Ketua KPU Ka. Banyumas Tukang Ngecebres

Urip Kui Kudu Urup

Selanjutnya

Tutup

Politik

Rumah Pintar Pemilu

28 April 2021   13:37 Diperbarui: 28 April 2021   13:41 174
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

#Ngecebres09

Kulonuwun.  Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin

Luur, inyong esih nglanjutna ngecebres babagan pe milu ya. Wingi kae inyong wis crita tahapan pemilu ya lur, dene pemilu kuwe tahapane dewiwiti sekang perencanaan gutul delantike anggota dewan utawa kepala Negara/kepala daerah.  Uga inyong wis nyritakna dene pemilu 2024 kuwe ana loro pemilihan, pemilu lan pilkada serentak. Mung beda wulane thok, pemilune neng wulan februari/maret, nek pilkada neng wulan nopember 2024. Siki kpu se Indonesia wis miwiti nyusun anggaran sing debutuhna nggo penyelenggaraan pemilu, merga ana usulan tahapan pemilune detambah, sekang asale 20 wulan dadi 30 wulan deetung mundur sekang tanggal coblosan. Nek tahapan pemilune 30 wulan, wiwit tengah taun 2021, wis  mlebu tahapan pemilu. Usulan detambahi wulan mau kuwe ngemu mangsud ben persiapane mateng, dadi pemilune lancar lan sukses.

Luur, mbok rika pada minat nyalon, kaya wingi inyong ngecebres kae, rika pada kudu wis  miwiti gole sosialisasi, ngendong lan njaluk donga meng sedulur, kanca batir kabeh. Sing ora kalah pentinge, rika pada sing arep nyalon kuwe kudu miwiti ngumpulna data lan informasi kepemiluan contone data pemilihe, data perolehan partai wingi kae, aturan kepemiluan lan data utawa info kepemiluan lian-liane. Jere siki kuwe era bigdata, sapa sing bisa duwe lan ngolah data uga bisa nggunakna data mau, wong sing kaya kuwe sing bisa sukses.  Data lan informasi kuwe wis ana kabeh neng kpu banyumas,rika pada mung gari njikot meng kpu utawa neng website kpu banyumas. Lewih afdhole si rika pada meng kantor bae, teka dewek dadi bisa ngopi udud lan dopok karo inyong lan kanca-kanca kpu banyumas heee

Luur, kanggo sing ora nyalon ningen pengin ngerti lan ginau babagan kepemiluan, neng kpu banyumas ana sing jenenge rumah pintar pemilu utawa desingkat RPP. RPP kuwe manfangatna ruang utawa gedung khusus nggo pendidikan pemilih lan uga nggo tempat ngumpul kanca-kanca komunitas sing seneng utawa tertarik babagan pemilu, neng kono kanca-kanca ngobrol, diskusi lan ngrumusna gawean nggo bareng-bareng ningkatna paritispasi pemilih lan kualitas pemilihan. KPU gawe RPP kuwe tujuane kejaba nggo ningkatna partisipasi uga tujuane ben kualitase penyelenggaraan pemilune ningkat, dadi maen lan ora ana kecurangan. Dadi sing jenege RPP kuwe deangen-angen, dadi pusat informasi kepemiluan, nggo ndidik warga masyarakat bab pemilu lan demokrasi, ngenalna nilai-nilai dasar pemilu lan demokrasi, ben demokrasi indonesia sehat, kuat lan pemilune bermartabat.

Luur, kaya mau sing tekomonga neng inyong, sejatine RPP kuwe arupa program manfangatna ruangan utawa gedung khusus nggo pendidikan pemilih, mulane mbutuhna minimal 4 ruangan. Patang ruangan kuwe apa bae?

  • Raung audio visual. Neng KPU Banyumas, ruang kiye nggo pranti muter film2 pemilu, dokumentasi kepemiluan utawa film sing ana kaitane karo pemilu. Ana pirang-pirang film sing wis desiapna neng kpu banyumas.  Contone mbok rika pengin ngerti pemilu jaman kuna, neng kpu wis ana film dokumentasi pemilu taun 1955, orde lama lan order baru.  Cocok banget kanggo bocah-bocah sekolah utawa pemilih pemula. Panggonane adem, ana ac ne.
  • Ruang audio visual KPU Banyumas uga deenggo dadi ruang podcast/mroduksi vedio ngodemas (ngobrol demokrasi banymas), kpu mengajar, uga nggo gawe video ngecebres hee.

  • Raung display lan pameran. Neng kene detampilnan bahan/alat peraga pemilu, contone brosur, leaflet, poster, maskot, uga bahan sosilaisasi liane. Uga na informasi dinding lan data hasil pemilu. sing kayane langka neng liane, neng kpu banyumas ana permainan edukasi arupa scrabble pemilu lan ular tangga demokrasi. Nek wis lagi pada dolanan ular tangga demokrasi lan scrabble pemilu.. kpu banyumas ramai banget, pada pathing gentoakan lan gojegan. Pokoke semanger pisan.
  • Ruangan simulasi. Isine maket utawa diorama lan peralatan sing ana neng TPS. Neng kene kanca-kanca muda bisa latian nyoblos. Degawe persis karo coblosan pas pemilu kae. Ana sing dadi petugase, ana sing dadi pemilihe, uga desiapna kabeh peralatane. Ana kotak suara, bilik suara, surat suara, paku tinta uga ana, undangane nyoblos, daftar hadir, papan daftar pemilih, calon sing arep depilih lan pirang-pirang perlengkapan tps ana kabeh pepek. Persis kaya TPS sing neng pemilu. Wis sering banget kpu nganankan simulasi nggo kanca-kanca muda, terutama pra pemilih. Sing paling nom ya simulasi coblosan nggo siswa-siswi SD.
  • Ruang perpustakaan. Akeh buku-buku kepemiluan, dokumentasi kegiatan sing bentuke kliping, album foto, cd lan uga ana jurnal,majalah lan bulettin. Rika mung gari teka, maca-maca, angger arep nyilih ya kena.

Kejaba kegiatan neng ruangan mau kuwe, RPP KPU Banyumas kuwe duwe pirang-pirang program, contone KPU Visit (KPU Banyumas ngajak anggotaDPRD Kab. Banyumas turba nemoni kelompok masyarakat. Neng kono, masyarakat bisa curhat meng anggota dewan sing teka. Dadi aspirasine masyarakat langsung gutul meng wakil rakyat. Uga ana KPU mengajar lan  KPU Go to kampus, (KPU saba meng sekolahan lan kampus marahi siswa lan mahasiswa ben dadi pemilih sing cerdas lan berdaulat.  Uga ana kelas pemilu nggo masyarakat umum. Lan uga ana Pendidikan pemilih secara online.

Pendidikan pemillih sing dadi kelompok sasaran werna-werna segmen, ana segemen pra pemilih ya kuwe bocah-bocah sekolah sing urung 17 taun, ana uga segmen pemilih pemula, perempuan, disabilitas, marginal, keagamaan,warganet lan lia-liane.

Luur, pendidikan pemilih kuwe banget pentinge, ben pemilih kuwe paham pentinge pemilu, ben pemilih kuwe bisa dadi pemilih sing cerdas lan berdaulat, ben pemilune kuwe dadi pemilu sing bermartabat, ora ana wuwur2an, ora ana fitnah2an, ora ana gonthok2an, ben sing kepilih kuwe wong sing amanah lan professional, ben demokrasine sehat, dadine rakyat kabeh uripe aman, nyaman, makmur lan sejahtera.

Merga penididikan pemilih kuwe penting nggo dewek kabeh, kabeh warga Negara, mula tanggung jawab pendidikan pemiliha kuwe udu mung neng kpu thok, ningen kabeh elemen bangsa, pemerintah, penyelenggara pemilu,partai politik, perguruan tinggi uga oragaisasi masyarakat sipil liane. Kabeh kudu nyengkuyung, kudu gumregah, gotong royong nyuksesna pendidikan pemilih. Siswa-siswane, mahasiswane, kader partaine, anggota oramase, lan sapiture kabeh kudu denei pemahaman nilai-nilai dasar pemilu, nilai-nilai demokrasi, pentinge pemilu lan lian-laiane ben ngemben titi wancine pemilu 2024, pemilu lan pilkadane lewih apik, lewih berkualiatas lan bermartabat. Demokrasi sehat, pemilih berdaulat, Negara kuat. Pemilu jujur, rakyat makmur. Aamiin.

Kesuwun ya luur.. klilan

Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun