Mergo wes entek kesabarane bapake Irwan banjur ancang ancang lan enggal nubruk lawang kamar e Irwan nganti jebol. Irwan katon ndepis lan isih nangis malah sangsaya banter anggone nangisÂ
"Yuuuhhh..kena ngapa kowe le?" ibune Irwan enggal ngrangkul putrane.Â
***
"Wis lik, ora usah ditangisi suwe suwe" ujare pak Sabar nyoba gawe tentreming atine Mbah Parman.Â
"Piye ora miris atiku Bar, anakku sak putuku kabeh uwes ora nana, mung gari aku dewean. Patine Yeni uga mesthi mergo awakku, deweke ngrasa stress amarga ora tak ladeni kaya wong tuwane mbiyen. Owalah Bar, opo aku kudu melu mati?"Â
"nggih ampun tho lik, njenengan niku pak lik kula, tesih wonten kula. Lan mboten sah mikir kang aneh aneh, takdire gusti sampun tumiba ing wancine si Yeni"Â
Durung rampung ular ulare Pak Sabar, teka Irwan sak keluwarga. Irwan enggal lungguh sesedhokan neng ngarepe mbah Parman "mbah apuranen awakku mbah. Putumu tak pilara atine"Â
Pak Sabar kaget "loh mbok apakke si Yeni"Â
"ngene kang, jebul anakku karo Yeni uwes suwe yang-yangan lan ndekwingi si Yeni di pedhotake karo si Irwan tapi gur ethok ethok karepe dinggo surpres ulang taune Yeni sing kepernah dino iki" ujare bapake Irwan. Pak Sabar gedheg-gedheg.Â
Dumadak teka nom noman wedok neng platarane mbah parman "ngapunten, niki dalem e mbah Parman? Kakung e Yeni"Â
"bener Nduk, ana perlu opo?" Pak sabar nyauri pitakone bocah wedok mauÂ