Pak Wiryono lan Mbok Wiryono kaget. Sakala polatane pucet, awake gemeter. Tembung polisi kanggone wong kuna kaya Pak Wiryono lan Mbok Wiryono isih mujudake paraga sing diwedeni. Pangirane, angger kena urusan polis wis genah wong luput sing pantes mlebu pakunjaran. Lha, kok malah saiki anake dhewe sing lagi dadi golekane polisi.
"Hoalah, Tri ... ! Kok elek temen lelakonmu ! Ngapa ta, Nduk, awakmu dadak dadi urusan polisi barang ..." Panjemplinge Mbok Wiryono. Ora wurung tangise kutah.
"Kudune kowe ora kena ngumbar kesumat, Nduk. Awit wong sing nyimpen rasa dhendham kuwi ora becik. Becike, kowe nrima nadjan disawiyah ing liyan. Rak Gusti ora sare. Mengko Gusti sing malesake," Panuture Pak Wiryono.
"Kula ngertos Pak. Pancen ngumbar raos kesumat punika boten sae. Agami ugi boten ngeparengake. Nanging, kados pundit? Ati kula sing mboten trima Pak ! Ati kula sakit. Sakit sanget ! Sagede mantun, menawi kula sampun kalampahan males ukum dhateng tiyang – tiyang candhala, kados Pradopo lan Mas Joni Kismanto makaten punika ! " Wirasti ngengkel.
"Lha, nanging ... nek banjur dadi golekane polisi ngono kuwi? Rak wong tuwamu bareng melu ketar – ketir ta, Nduk."
"Pun, Bapak kalih Simbok mboten sisah kuwatos. Kula saged njagi dhiri kok. Kula badhe enggal wangsul dhateng Denpasar, sonten punika ugi. Menawi sawanci – wanci wonten polisi ingkang madosi mriki, disanjangi kemawon mboten ngertos."
Pak Wiryono lan Mbok Wiryono miengak.
"Ha ?! Dadi kowe ki ora nginep ?"
Wirastri mesem.
"Mboten Pak, angger kula mampir punika kalawau pancen namug ngaturi bab larah – larahe kedadosan kok. Saengga Bapak lan Simbok mboten nglepataken kula sanget – sanget. Kula kaliyan nyuwun pangapunten dene kesah kula riyin mboten pamit. Samangke sedaya sampun cetha, sampun genah larah – larahipun. Bapak, Simbok sampun ngertos kawontenan lan dunung kula. Namug kemawon, kangge saentawis bab papan dunung kula dipundamel wados kemawon. Ngantos swasana aman."
Wong tuwa loro kuwi ora bisa nyingitake trenyuhe. Banjur bareng – bareng nyerak, Wirastri dikekep – kekep kebak asih.