istanamu mblegedu
ing tengah kawulamu
kang tansah mlaku
nglumpukna duit sewu
kanggo minterna bocah
ing sekolah
kang tansah owah
: mergo ora keduman jatah
ing tengah kawulamu
kang tansah nggresah
ngrasakno dalan
kang ugo tansah owah
: mergo ugo ora keduman jatah
- sliramu tambah gagah
ing tengah kawulamu
kang tetandur pari karo mundur
kesandung pondasi kang ditandur
- sliramu tambah makmur
kertas abang sekranjang
sliramu umpetna ing sajroning bank
kembange kanggo abang-abang lambe:
kanggo tuku gantine mboke
ugo:
kanggo bancakan karo sopo wae
sing gelem manthuk-manthuk
opo jarene kowe
istanamu mblegedu
ing tengah kawulamu
kang tansah mlaku
: sliramu malah ngeleketer turu
kewaregen kembang
kertas abang sekranjang
Cilacap, Oktober 2014