Zaldy Chan, cah bagus. Seprana seprene anggone ngemati geguritanmu, dak pikir kurang adoh olehmu biyayakan. Mung mulek ing kunu-kunu wae. Ing lereping wayah surup lan saugeran Kota Curup.
Coba mlayua sathithik maneh. Sing banter pisan. Sapa ngerti bisa uwal saka amukane segara wuyung lan pedhut suwung kang tansah tinikung.
Zal, kepriye saupama ing sawijining dina kowe ora bisa nemu maneh lereping wayah surup? Apa sing arep mbok gurit kanggo ngebaki kotak pandora kang sinimpen kanti primpen? Kupu-kupu sing miber ing nduwur pager? Tetuwuhan kang ora nate mbok jelasake wewujudane---iku sejatine wit cemara apa amung suwekane godhong kamboja.
Zal, coba nyedak mrene sedela. Simbok arep kandha. Rungokna. Sepisan maneh, dolanmu kurang adoh! Enggal brasak-mbrasak kana! Babat alas milang kori. Sapa ngerti nemu sawijining lingsir wengi.
Lingsir kang sineling dening swara endah marak ati. Kagungane Prawan Kunti. Dudu swara sepi kang ngiris-ngiris ati.