Iki bengi opo awan
Nek awan kok ono wong wedok pakeane awut-awutan
Iki bengi opo awan
Nek bengi kok ono cah cilik ngolek mangan...
Opo dunio iki meh kiamat
Neng ngendi2 ono kesusahan
Opo dunio iki meh kiamat
Neng ngendi2 okeh wong kaliren
Opo dosane rakyat cilik iki
Meh ngomong seng bener malah dicekel
Opo dosane rakyat cilik iki
Meh demo malah di bui
Kulo nyuwun karo sing Maha Kuoso
Mugi2 ora ono maneh wong kaliren neng negri kulo
Kulo nyuwun karo sing Maha Kuoso
Mugi2 negri kulo aman n sentosa
Kulo nyuwun karo sing Maha Kuoso
Mugi2 ora ono maneh pejabat sing mangan duite rakyat
Kulo nyuwun sing Maha KuosoÂ
Mugi2 ora ono maneh tentara sing nbaki rakyat
Kulo Nyuwun Sanget GUSTI...
Jakarta, Oktober 1997