Mohon tunggu...
Kholik
Kholik Mohon Tunggu... Desainer - Orang Kampung yang pengin bisa nulis

main-mainlah kemari http://dimazdewantara.blogspot.co.id/2016/09/blog-post_6.html

Selanjutnya

Tutup

Humor

Nyupang

4 September 2019   10:06 Diperbarui: 4 September 2019   10:28 21
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Kaji Duljalab wong paling sugih sadesa. Dunyane akeh sa ha ha ha ha. Sawahe amba ora kena detung mbuh pirang bau. Tapi ana cerita ana kanda jare sugihe kuwe ora wajar. Ana sing moni nyupang tuyul, ana maning sing cerita jare nyupang wujude ula gede dawa. Toli ceritane kuwe mau ya ana sing nambah-nambahi, monine sedulure kaji Duljalab akeh sing pada mati dadi tumbale. Tapi nyong kiye wong sing ora patia ngandel karo cerita cerita sing model kaya kuwe sadurunge weruh dewek buktine.

"Sampeyan ari ora ngandel ya wislah, karepe, tapi ya poma rong poma dang dinein panganan ning kaji Duljalab mending dibuang bokan tah kuwe ngko sampeyan nggo wadale!" Jare Kasmid karo muncis-muncis ngomonge.

"Nyong esih gurung ngandel, Mid, Kaji DUljalab kan sawahe akeh ya sugih pantes oh" Nyong nyela

"Wis kaya kiye bae sampeyan coba ya delengna dang jumat kliwon mesti umae kaji Duljalab peteng dedet, kuwe lagi transaksi karo cupange!" Kasmid mbales semadan jengkel

"Yuh, ngonong bae Mid, piben angger jumat kliwon nginggeng umae kaji Duljalab!"

"Ya, wis, yuh, siap nyong tah!"

Gelis cerita bengi jumat kliwon teka. Nyong karo Kasmid jam siji bengi kaya maling tongal tongol ning umae Kaji Duljalab. Nyong karo Kasmid nginggeng ning kamare Kaji Duljalab. Ora katon apa-apa Mung krungu suara kresek-kresek ngos ngosan kaya suara ula. Nyong karo Kasmid penasaran. Let ora sue suara kresek-kresek ganti suara nggereng kaya suara macan. Nyong mulai mrekitik, Kasmid gatolan tangane nyong bae. Rasa wedine nyong rupane kalah karo rasa penasaran. Akhire nyong karo Kasmid nekad ndobrak jendela karo nyalakna senter gede sing paling padang. Ning njero kamar jebule laka apa-apa, anane Kaji Duljalab karo bojone lagi sigep-sigepan wuda bral ora katokan.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun