Mohon tunggu...
Pascal Caboet
Pascal Caboet Mohon Tunggu... Wiraswasta - Mencoba Menulis

Penyuka soto dan sate kambing. Kadang introvert kadang juga ekstrovert. Kadang kritis tapi juga humoris

Selanjutnya

Tutup

Humor Pilihan

Covid-19, Kudu Bingung Opo Kudu Piye?

14 Maret 2020   20:08 Diperbarui: 14 Maret 2020   20:09 1222
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Awit novemberan 2019, virus corona jenis anyar (covid-19) ditemokne nang kota Wuhan, China. Kabeh ndonyo geger, banjur virus kui nyebar tekan Indonesia. Krungu-krungu virus kui digawe kanggo senjoto perang. Tapi, yo ono seng ngomong nek virus kui hasil seko proses evolusi biologis seng asale seko lowo, codot, utawa kalong. Mbuh, seng bener seng endi, aku ramudeng. Kamongko, jamene jaman post truth.

Opo maneh, pas Pak Jokowi ngumumke ono wong loro seko Indonesia seng positif keno corona. Kabeh-kabeh langsung geger mborongi tuku masker karo handsinitizer, nganti gawe regone mundak ora tatanan. Rego masker seng biasane ming pat likur ewu dadi sak yutonan.

Karang handsinitizer mundake blas ra mbejaji regane. Krungu-krungu, vodka lan whisky dianjurno kanggo diombe ben jogo metabolisme tubuh, karo isoh kanggo netralisirke seko virus corona. Lha, nek wong koyo aku tuku omben-omben koyo ngono, isoh ora madang sak wulan. Lak yo malah kewer ora mergo virus corona, tapi goro-goro keluwen. 

Paling banter isohe tuku ming ciu bekonangan. Karang regone yo murah, lan corone ngetukke yo gampang. Dadi kabeh-kabeh digawe ciunisasi. Ngombene ciu, isah-isah piring nganggo ciu, ngelapi mejo nganggo ciu, nganti ngepel karo ngraupi raimu yo nganggo ciu. Pokok e kabeh-kabeh kudu mambu ciu. 

Akhir Februari wingi, Pas viruse hurung tekan Indonesia, dikutip seko kumparan.com, Pak Ma'ruf Amin ngomong bahwa selain lewat metode medis, peran doa seko poro kyai dadi salah siji coro kanggo nangkal virus corono mlebu nang Indonesia. "Akeh kyai moco doa qunut. Aku yo moco doa qunut. Makane corona mingger seko Indonesia", jare Pak Ma'ruf.

Pas moco pernyataane Pak Wapres kui, atiku langsung mbrebes mili. Wuelok tenan. Kamongko deknen ki Wapres kok isoh ngomong koyo ngono. Kan jarang tenan, lur. Kudune urusan virus corona ora butuhke peran kemenkes, tapi cukup nganggo dongane pak kyai wae. 

Lha kok, hurung ono seminggu seko pernyataane Pak Ma'ruf, virus corona wes tekan Indonesia. "Welah dalah, lha njuk kepiye iki Pak? Doa qunut seng mbok woco jebul ora manjur, je? Tiwas aku karo kanca-kacaku meh gawe acara moco doa qunut berjamaah. Lha yo, bingung tho aku?"

Virus corona kui nyerange paru-paru. Pasien seng positif corona, kudu langsung diinkubasi ben ora nulari tanggane. Makane, penanganane kudu tepat. Lha kan bahaya, nek misal ono pasien seng positif keno virus corono diwocoke doa qunut, ben viruse minggir. Lak yo selak modar tho wonge?

"Nek seh meh ngeyel kudu moco doa qunut. Yowes, ngene wae : sampeyan gelem ora mocokke doa qunut marang pasien positif corona? Nangani babakan virus kui yo kudu medis, dudu malah didongani. Lha, nek menowo ajeng ngangge sisi religius yo monggo waelah, tapi purun mboten sampeyan?"

Seprono-seprene, aku jane yo biasa-biasa wae karo virus corona. Meski, korban seng nganti dino iki totale wes ono suwidak songo, mati papat, seng mari limo (kontan.co.id). Aku yo seh tetep santai-santai wae, ora bingung.

Nganti bengi deingi (13/03), dikutip seko kompas.com, kuto Solo ditetapke KLB (Kejadian Luar Biasa) Virus Corona utowo Covid-19, amargo salah siji seko loro pasien positif corona seng dirawat nang RSUD Dr Moewardi Surokarto mati. 

Surat Edaran Penetapan KLB Solo seng tak woco lewat story WA ne koncoku, ndadekno rong minggu mengarep, sekolah negeri lan swasta prei, lan gawe acara budoyo karo bal-balan dibatalne disik. Oiyo, pemkot Solo nganjurno sementara ora oleh salaman utowo cipika-cipiki. 

Lha kamongko omahku ki daerah Wonosari, kecamatan Klaten seng paling lor dewe. Cedak banget karo Solo. Ngono wae aku yo seh tetep biasa-biasa wae, nganti aku bingung dewe ngopo kok aku ora bingung.

Lha ora bingung piye cobo? Dino-dino gaweanku ming glundang-glundung karo gledar-gleder ngalor ngidul thok. Lungo paling adoh, yo ming nang etan ndeso kanggo rasan-rasan tanggane. Wong aku yo ora tahu nguntal lowo, codot utowo kalong. Mosok, aku kudu melu-melu bingung?

Pemerintah nganjurne rakyate tetep tenang ngadepi pandemi virus corono iki. Tapi, jane seng bingung ki sopo tho? Investor utowo awakedewe? Opo pemerintah dewe?  Hah! Bingung aku. 

Klaten, 14 Maret 2020

-Pascal Caboet-

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun