Mohon tunggu...
Bubup Prameshwara
Bubup Prameshwara Mohon Tunggu... Operator - Uyeah

Kadang saya memikirkan apa yg terjadi di indonesia ini, sungguh bikin "miris". Tapi kadang saya juga merasa tak ada gunanya memikirkan apa yg sedang saya pikirkan :O

Selanjutnya

Tutup

Humor

Rahmad Darmawan Blunder? Bola Ya Blunder!

20 November 2011   06:10 Diperbarui: 25 Juni 2015   23:26 467
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Saimin, bocah sing kulinane seneng ngeblog iku raine tembe sumringah amarga timnas iso menang 2-0 ngelawan Vietnam ono ing pertandingan semifinal Sea Games cabang sepakbola. Atine bungah amarga wis suwe Indonesia ora bisa ngrebut medali emas ono ing ajang Sea Games. Saimin banjur telpon Wakijo sing wingi mencak-mencak lan misuh-misuhi Rahmad Darmawan amarga pelatih timnas iku nganggo strategi nyimpen pemain pilar ono ing laga penyisihan pamungkas lawan Malaysia kapungkur.

"Garudaa didadaku, Garudaa kebanggaankuu. Kuyakiin hari ini pasti menaang", suara nada sambung hapene Wakijo.

"Halo, ono opo Min?", Wakijo ngangkat panggilan telpon.

"Piye Jo, lak tenan tembungku toh. Rahmad Darmawan iku luwih pinter tinimbang pikiranmu sing cupet iku. Buktine Vietnam maine apik banget, main ngotot, nek pemain pilar kesel pas lawan Malaysia wingi, mesti pas lawan Vietnam ora bisa full-performance", Saimin langsung nyerocos amarga sebel menyang Wakijo sing wingi misuh-misuhi Rahmad Darmawan.

"Tetep Min, pemain apik koq disimpen, lha iku pancen ora menghargai penonton sing pengen delok penampilane pemain-pemain apik iku no", jawabe Wakijo.

"Sing jenenge timnas iku mesti duwe staf Jo. Ono pelatih fisik, pelatih kiper, tenaga medis, lan liya-liyane. Mesti Rahmad Darmawan akeh pertimbangan soko staf-staf iku mau kanggo ngerteni kondisine pemain iku. Pelatih tanggung jawabe gede lho, targete wae medali emas", penjelasane Saimin.

"Tapi Rahmad Darmawan iku blunder Min. Lawan Malaysia wingi kae kalah 1-0", Wakijo tetep ngeyel.

"Bocah koq senengane pengeyelan, lha kowe mbi Rahmad Darmawan kui pinter sopo?" pitakone Saimin.

"Jelas pinter aku no, nek aku sing dadi pelatih mesti ora mungkin BLUNDER", jawabe Wakijo gembede ndhase.

"Sepakbola pancen ora bisa lepas soko blunder Jo! Coba takono bocah-bocah TK kae"

"Takon opo Min?"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun