Mbuh kepriwe sing ana nang uteku, kepikiran bakulan politik sing lagi anget mirip mendoan sing nembe dintas sing wajan..kayonge pang dipangan ya panas, dicuili ya kayong blih mangseg dipangan tapi krana wis ngelih dadi ya tak pangan bae lah nggo ngisi isi weteng.Â
Kwe mau mangan mendoan sambil nonton pidio yutub lan media liane kayong nang ndas mandan ngliyeng, sue sue bisa muter muter prengasane uteku. Mirip mendem tingkat dewa..
Ya kwe mau ndean krana nyonge gudu wong politik alias blih paham politik ndean yah dadi ndelengna brita politik mandan mumet.Â
Eiya sampe klalen mendoane jebule durung enteng siji wis adem. Hmm..jebule mangan mendoan adem ya mandan ora enak dipangan yah..senadyan nganggo mengkreng lombok telung lerr.. Ndean pilitik ya kayakue ndean kudune dianget angetna eben rasane enak..
Tapi nyong sebagai warga milenial sing eben ora katon buta politik dadi ya mencoba tak melu melu nonton brita kue..senadyan mandan mendem oleng oleng. Hihihi..sing penting ora mendem karna wadonan utawa inungan lah yah..
Kanggo rika kabeh sing lagi mandan senengan politik ya sing penakan bae lah..ora usah pada padu. Urip sing ayem tentrem bae. Sing akur lan damai.Â
Kwe pesene nyong sing mandan mumet yen ndelengna brita pilitik.Â
Kesuwun kanggo sing wis maca.