Mohon tunggu...
Mas Roni
Mas Roni Mohon Tunggu... Perawat - Perawat Kesehatan

Semua orang punya banyak cara untuk bercerita, dan memiliki cerita yang berbeda pula untuk diceritakan. susah, Senang, Suka dan duka adalah cerita takdir Gusti Alloh untuk menjadikan seseorang lebih Baik.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Dalan Bodol

1 Juni 2018   20:43 Diperbarui: 1 Juni 2018   21:02 431
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Cerita mengenai dalan bodol nang daerahe enyong kayong mandan saru.. Soale yen dipikir pikir di trawang triwing mbuh kapan apike.. Kae contone nang dalan gada gada wanasari Brebes dalane ya pating jeglug aspale mengelupas.. Weruh maning wingi liwat nang dalan pasar Brebes kae pasar buah mengidul apa mengalor ya kayong ampun nemen.. Wis dalane akeh bolongane trus dong udan mandan kumuh.. 

Aku tah dadi takyat ya mung bisane ngresula.. Pang lapor lapor maring sapa,  pang wadul wadul maring sapa.. Dadine mung bisane nulis bab keadaan dalan nang wilayah kue.. Nyong bisane nulis soale mben dina liwat mono kayong mandan ora nyaman ndeleng dalan sing pating njluag

Ana maning kabel telkom nang sawetane kampus Muhadi setiabudi kebanggaan warga Brebes ya nglampreh wis patang dina mbuh luwih.. Kwe nyong ya keder pang lapor maring sapa.. 

Winginen ana sohib Kaji Ulum wadul nang grup CBM be rupane masih durung direspon masalah kabel kue.. 

Trus ana maning dalan nang Bumiayu wis pirang pirang mangan korban nyawa.. Mbuh penyebabe apa bisane ka sering nemen ana trek utawa kendaraan sing kecelakaan nang kono,  kadang aku sebagai wong awam pang takon nang sapa ya keder maning bae,  tapi semoga dalan nang play oper Bumiayu Brebes ora mangan korban nyawa maning.. 

Apamaning kye ngadepna dina bada sing bakale akeh wong mudik sing Jakarta.. 

Sebagai warga Brebes nyong menghimbau kanggo pengguna jalan sing pang liwat mono sing ati ati aja ngebut,  aja kagetan,aja nglirak lirik wong ayu.. Mbokat klayah klalen ora ndeleng dalan ngarepane.. Pokoke tetap waspada lan ati ati melewati dalan play oper bumiayu.. 

Sapisan maning kanggo nyong dewek sing uripe akeh nang dalane ya semoga bisa slamet laka alangan apa apa..

Dulur.. Dina bada akeh butue akeh metune duit ya sing tliti lan ati ati.. Aja sampe kecopetan aja sampe kilangan.. 

Trus semoga bada taun kie nyong sampean pada bisa kumpul garo keluarga nangumah.. Ngrayakna badanan.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun