Mohon tunggu...
Erwin Ivan Vinanda
Erwin Ivan Vinanda Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa di SMA Negeri 2 Bae Kudus

saya seorang guru dengan 1 orang istri dan dianugrahi 3 orang anak yang luar biasa. Hoby olahraga, traveling dan menulis.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

RPP Cerita Legenda, Asal Usul Tempat

17 November 2022   18:00 Diperbarui: 17 November 2022   18:06 976
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

"Tekakna lamaranku marang  Sintha Dewi," Ngendikanipun Pangeran Kidang dhumateng abdinipun.  "Aturna manawa ingsun saguh minangkani sepira wae mas kawin sing bakal di suwun"

 "Inggih ,Pangeran ! Dhawuh Paduka  badhe kula estokaken," Wangsulanipun abdi dalem kaliyan pamitan.

Dumugi pelenggahanipun Sintha Dewi , para utusan Pangeran Kidang Garung enggal ngaturaken lamaranipun dhumateng sang putri.  "Nuwung pangapunten sang putri ,kawula utusanipun Pangeran Kidang Gerungan,  sowan kula menika kadhawuhan ngaturaken lamaran sang Pangeran dhumateng Sang Putri," Aturipun salah satunggaling abdi.

"He ,utusan Pangeran Kidang Gerungan, pira kehe mas kawin sing di saguhi Pangeran Kidang Gerungan kanggo nglamar aku,"pitakenipun Sang Dewi.

"Nyuwun pangapunten Sang Dewi, Sang Pangeran Kidang Gerungan  kagungan banda donya mas picis ingkang kathahipun mboten kantenan, mila sepinten kemawon panyuwunipun Sang Dewi mesthi badhe kaleksanan."

Mireng katrangan punika, Sang Putri mendel sekedap kaliyan mbayangaken rupinipun Pangeran Kidang Gerungan.

"Dheweke pangeran sing sugih banget,mesti bagus lan gagah prakosa,"gambaranipun sang Putri.

Sang putri wusananipun nampi panglamaripun Pangeran Kidang Gerungan. sawetawis punika para utusan lajeng wangsul ngaturaken pawartos  ngremenaken punika dhumateng sang pangeran Pangeran Kidang Gerungan. Bingahing manah mboten saget kagambaraken mireng pawartos punika. Sang  Pangeran lajeng ndawuhaken para nayaka supados nyamektakaken ubarampe kangge manggihi Sang Putri lan ngrembag wekdal palakramanipun badhe kaleksanakaken.

 "He para nayaka praja, samektakna kabeh ubarampe, kalebu mas kawin sing disuwun dening sang Dewi," Dawuhipun Pangeran Kidang Gerungan. "Sesuk-esuk, tindak bareng menyang kedhatone Sang Putri.

Mireng dawuh makaten, para nayaka ketingal gumregah nyiapaken ubarambe sedayanipun. Wonten ingkang nyiapaken mas kawin arupi mas,inten,lan berlian. Sawetawis wonten ingkang nyiapaken pinten-pinten hadiyah sanesipun kagem Sang Putri. Woten malih ingkang nyiapaken kuda kangge titihanipunSang Pangeran.

Injingipun  Pangeran  Kidang Gerungan kalian rombonganipun tindak dhateng kratonipun Sang Putri Sintha Dewi. Dumuginipun kraton, rombongan katampi kanthi maneka warni tetingalan. Nanging nalikapepanggihan kaliyan Pangeran Kidang Gerungan , Sang Putri kaget sanget awit sejatosipun sang pangeran sanes priya bagus kados ingkang wonten ing angen-angenakenipun.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun