Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

Lengkruhing Lelaku

29 Agustus 2016   14:07 Diperbarui: 29 Agustus 2016   14:23 370
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Gumebyaring Kinasih Gusti

Ing kene aku sendheku ing eninge cipta

tanpa rasa hamung karsa kekarep ninggalake donya

Sanajan ta lintang gumebyar ing tawang

aku ora wani ndhangak mandeng

Candra kang sumunar ngalela kaya netra Panjenengan Dalem Gusti Kang Amakarya Jagad

tansah mandeng anggawe lengkruhe galih kang kairis kumandange swara sajroning jiwa

Ora ana maneh ukara kang kawetu saka lathi

apa maneh dedonga awujud pasrahing jiwa raga

Sumeleh atiku nalika dak sawang jumegreg adege Gusti ing ngarep korine galih sing isih durung kainep melik

Aku saya keranta

Ya gene aku kang tansah karoban agunge samodra kinasih asring lumaku cidra kang gawe kuciwa

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun