Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

Puisi | Dedongane Para Tani (Doa Petani)

3 Desember 2019   11:25 Diperbarui: 3 Desember 2019   11:23 90
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ing kene aku lungguh sendheku isor wit kates ra tau uwoh

Sumelet srengenge ora dak rasakna sanajan kringet dumlewer ing bathuk, jaja lan geger

Dak pandeng pategalan garing ngenteni rutuhe banyu langit kan bisa nentremake rasa

Rasa kang wis meh sirna diuntal mangsa ketiga

Gumandhule mendhung ing tawang mung paring pawarta udan bakal teka nanging embuh kapan

Aku lungguh ing gubuk kene, sendheku dedonga marang Gusti Kang Akarya Jagad sing ora bakal cidra sanajan ta aku kerep mbalela mung obong dupa tanpa rasa

Rasa sih sutrisna marang sapadha lan Ibu Pertiwi kang tansah paring boga murakabi

Aku isih lungguh sendheku, sanajan ta pategalan sansaya mamring saka ocehing cendhet lan manyar kang padha ngungsi pinggir wana

Aburing lebu kang ngancani lakune kanca tani kang lengkruh kaya alume kembang kates sing ora bakal dadi ora dakrasakake maneh

Mung langit mendhung lan sumilire bayu Redi Meru sing dakrasakake tandha sih katresnane Gusti sing paring dhawuh kudu sabar narima

Sabar narima ing pandum merga iku sejatine urip kang mulya

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun