Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Abang-abange Lambe, Sekadar Pemanis Bibir

12 Mei 2019   13:37 Diperbarui: 12 Mei 2019   13:46 284
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Satemene Gusti Allah kang akarya jagad nyiptakake apa kang ana donya kuwi kahanane endah edi peni. Sanajan to awujude, rupa, werna, lan ambune beda-beda. Ala apike mung gumantung saka sing nyawang. Ora perlu dibahas ya gene beda-beda.  Ana sing ngarani kembang mawar luwih apik tinimbang melati. Anggrek luwih elek tinimbang kembang jambu. Uler luwih nggegirisi tinimbang ula. Emprit luwih lucu tinimbang gagak.

Semono uga, wanita kuwi ciniptakake ayu kabeh. Nanging sanajan to wis ayu kaya widadari kang tumurun ing telaga saka swarga, ana wae wanita ora eh durung rumangsa ayu. Mula supaya katon luwih ayu banjur idep dijepit-jepit supaya malik tumenggeng tawang. Alis dikerok-kerok kadya rembulan tanggal sepisan. Banjur bengesan utawa lipenan werna abang. Malah ana sing kebacut abang mbranang. Rupa ayu kaya widadari malah duwe lambe kaya semar. Harataa...piye yen kaya ngene iki?

Para wanita ora prelu nesu, purik, lara ati, apa maneh sulaya. Iki ora mbahas bab alane wanita. Nanging bab lambe utawa tutuk, basa rada aluse. Iki ngono mbahas paribasan 'abang-abange lambe'. Nanging mesti ana sing takon kok lambe utawa tutuke wanita sing digawe conto? Ngono kuwi jalaran ora ana priya sing nggawe benges utawa lipen sakliyane pemain ludruk.

Sapa wae mesti weruh yen lambe kuwi wernane setengah soklat, setengah ireng, setengah biru rada ungu, uga akeh sing abang enom. Nanging supaya luwih merak ati, wanita njur nggawe lipen utawa benges. Dadi mung kanggo nyenengake awake dhewe lan sing nyawang. Dudu kahanan satemene.

0 0 0 0

Urip sesrawungan pancen kudu bisa nyenengake sapa wae. Semono uga marang para sentana negara. Nanging kita kadhang rumangsa pekewuh yen arep ngomong apa anane. Embuh isin utawa sungkan. Embuh wedi embuh giris. Nanging lumrahe malah duwe karep golek rupa supaya dialem. Banjur ngomong sing bisa nyenengake ateges goroh utawa ngapusi.

Nyawang kang endah lan edi peni pancen gawe senenge ati. Nanging yen disawang mau dudu kaendahan sabenere utawa satemen apa bisa maremake ati?

Mula aja seneng ngapusi uga aja gampang diapusi.

Rahayu....rahayu... sami basuki....

Sumber: womantalk.com
Sumber: womantalk.com
Sesungguhnya Allah Swt, pencipta alam semesta menciptakan seluruh alam raya yang demikian indah dan menawan. Sekali pun wujud, rupa, warna, dan baunya berbeda. Indah atau tidak indah tergantung yang memandang. Tidak perlu dibahas mengapa berbeda sudut pandang. Ada yang berpendapat mawar lebih indah daripada melati. Anggrek lebih jelek daripada bunga jambu. Ulat lebih menjijikkan daripada ular. Burung pipit lebih lucu daripada gagak.

Begitu juga, semua wanita diciptakan cantik. Namun, sekali pun cantik seperti bidadari yang turun ke telaga dari surga, ada saja wanita yang tidak eh...belum merasa cantik. Maka supaya terlihat lebih cantik banjur bulu mata dijepit-jepit supaya menekuk ke atas. Alis dikerok agar melengkung tipis bagaikan bulan sabit hari pertama. Kemudian memakai lipstik merah. Bahkan ada yang menor merah menyala. Wajah cantik bagai bidadari namun berbibir seperti semar. Nah....jika demikian apa jadinya?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun