Lihat ke Halaman Asli

Dolanan Driji Antuk Ngilmu

Diperbarui: 24 Juni 2015   05:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Gadget. Sumber ilustrasi: PEXELS/ThisIsEngineering

Pitutur Piwulang Jawa ing tembang macapat Asmaradana

“Dongeng Enthik-Enthik”

Ana dongeng enthik-enthik

si penunggul patenana

penunggul apa dosane?

ngungkul-ungkuli sasama

aja dhi mundhak kuwalat

lhah iya bener kandhamu

lali sumber katiwasan

Tembang ing dhuwur wosing ngandhakake driji manungsa. Driji manungsa kuwi ana lima, jempol kuwi paling cendhak tur lemu dhewe, panuding (telunjuk), panunggul sing dhuwur dhewe, manis (jari manis), lan jenthik sing cilik dhewe.

Panunggul iku diarani anak nomer siji, manis nomer loro, panuding nomer telu, jenthik nomer papat, lan jempol kang pungkasan. Kabeh driji lima mau sedulur.

Sawijining dina Manis rumangsa serik atine jalaran kalah dhuwur tinimbang Panunggul. Mula banjur ngajani Jenthik mangkene.

“Enthik-Enthik, si Panunggul patenana!”

Jenthik takon, “Panunggul apa dosane?”

Diwangsuli Manis, “ngungkul-ungkuli sasama.”

Karepe, ing antarane driji lima mau Panunggul katon umuk dhewe jalaran gedhe dhewe lan dhuwur dhewe.

Panuding ngelingake, “aja, Dhi! Mundhak kuwalat.”

Jempol banjur nyambung rembug, mbenerake Panuding, “lhah, iya bener kandhamu, lali sumber ketiwasan.”

APA TA PIWULANGE?

Candhake cekak aos. KUWALAT. Kok bisa?

Tiyang Jawi kuwi kebak ing simbol, tegese yen wicara apadene ngandhani ora apa anane, mawi simbol-simbol. Ora teges kok basa-basi, nanging ngajeni tumraping liyan, tansah jaga atine liyan supaya ora “mak jleb-jleb” yen para mudha ngarani.

Ing crita iki, manungsa kuwi diumpamakne driji lima (simbole driji lima). Diandharake menawa wani karo sedulur tuwa kuwi bisa kuwalat. Ora mung sedulur tuwa, wani marang wong atuwa uga bisa kuwalat. Kuwalat, ora malati. Sejatine Ibune Malinkundhang kae ora malati, nanging Malinkundhang entuk piwales siksa saka Gusti Kang Maha Kuwasa utawa Allah SWT.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline