Lihat ke Halaman Asli

Limbuk

lemu ginuk-ginuk

Puisi | Nak Mas Ropingi, Sumelehaken Emosi!

Diperbarui: 11 November 2019   07:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Nak Mas Guru Ropingi, lamun maos sadaya geguritan ingkang sampun panjenengan serat wonten tlatah fiksiana punika, setunggal kalih taksih wonten ingkang ngemu surasa emosional. Meledak-ledak---mekaten basa gaulipun.

Punika sae-sae kemawon, Nak Mas. Anamung, pengaruhipun dumateng asil geguritan panjenengan malah kados beras wutah. Mletik mrana mletik mrene. Sak paran-paran. Kasaripun, mbleber medal saking lingkar paugeran.

Sampun dipun dadosaken penggalih, nggih Nak Mas. Simbok namung badhe paring saran. Langkung sae gatra ing saben pada dipun rapiaken sakedhik malih. Amargi panjenengan sampun kagungan adedasar, pripun anggenipun ngengrawit gegurit. Eman-eman menawi aluripun ketawis pating jumpalit.

Nak Mas Guru, piyantun gagah prakasa asal Tanah Bumbu. Sumangga, sinambi ngunjuk wedang jahe campur madu, Simbok aturi pinarak kanti satuhu.

Prawan ayu kecebur laren
Ngunjuk jamu dicampur serbat
Tanah Bumbu pancen keren
Gudange penyair kang hebat-hebat

Tuku manuk bayar saringgit
Manuk menclok ing pager kawat
Simbok Limbuk nyuwun pamit
Amargi encokipun kumat




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline