Kembang setaman, asri sak jroning taman, wangi angambar. Amung sliramu, tansah tak tunggu, gandrung tur kapirangu. Puspa puspita, nandhang asmara, edi ngawang sinawang.
Gandrung-gandrung ing lurung, andulu gelung, katon kekendhon. Mung keris parung, datan ana gunane, namung ngrepoti. Ginebyah uyah, gaweyane wong wegah, trima ndilalah.
Nalika tresna teka, mula tampanen, kinanthi remen. Gronjaling ati, ngetut tresna sejati, tan ana cidra. Swarane dadi ngimpi, kagawa angin, mekar kepengin..
Katresnan subur, pang-pang ngrembuyung, gegambaran wong wuyung. Sanadyan kaya ngapa, tan was sumelang, katresnan padhang.
Urip angambar, mugi tresna kababar, kadya srengenge. Njedhul ngangeti, uga nguripi, puspa surya kang asri. Nalika mlethek, ati ya melu megar, rinasa lega.
Senadyan mendhung, tresna mandhiri, tansah eyup pinayung.